Rabu, 02 Juli 2014

Kumpulan Geguritan Tema Katresnan


UMPAMA
Rina Dwi A

Umpama
Ing ndonya ora ana tembung dosa
Ora ana tembung nistha
Ora ana tembung cidra
Ora ana sing salah ing katresnan iki
Aku ora njaluk, aku ya ora nembung
Akeh sing memerak ati nggodha lan mbebejuk dhiri
Nyatane mung kowe
Sing tansah ana ing pangangen
Ngreridhu sepiku
Bareng lintang lan rembulan sing budhal panglong
Srengenge wiwit nyambut gawe
Panas ngeget sumelet
Nggugah nalar lan piker
Yen ora ana dosa, ora bakal ana neraka
Yen ora ana neraka, ora bakal ana suwarga
Yen ora ana suwarga, ora bakal ana rasa tresna
Yen ora ana tresna………….
Ora ana kowe !!!
Ora………….
Katresnan iki ora bisa diijoli
Digadheke
Apa maneh dituku sarana ubaling napsu
Katresnan iki katresnanmu, katresnan saka suwarga
Kang kudu tak reksa lan tak jaga
Aja nganti nyimpang nyemplung neraka
Dhuh, upamane
Aku karo kowe………..
Wuah…………

KEMBANG JATIROGO
Yusuf Susilo Hartono

Nalika esemmu bali miyak kori
prenjak ing pager ngudal lelakon
nggawe gatering ati

Banjur dakpethik kembang jati
satengahing mangsa ketiga
gegondhelan kedhepe netra

Wengi nyenyet
aku nampa wewayanganmu jroning
nedra

Kembang srengenge wis mlethek esuk kuwi
alon-alon aku njumputi katresnan
kang isih katon blasahan

Nimas wis titi wancine nagih janjimu
jalaran Gusti ora marengake
mlaku ijen jaman peteng iki

Lilakna !
 Turiyo ragilputra

Lilakna aku lunga, lilakna !
Nyeret sakehing panandhang titipanmu
Embuh menyang endi sikil bakal tumuju
Sagagang kembang mlathi
Uga racikan ukara peni sing rinonce dadi gupitasari
Bakal dadi piyandel tuwuhing rasa kangen ing ati

Lilakna aku bali,lilakna !
Salembar kitir isi gorehing rasa
Aja disuwek najan ora pengaji.najan ora pangaji
Nyatane aku durung kober methik kembang
Tanduranmu
Apameneh ngrasakake manise madu
Mula lilakna aku bali.o, lilakna aku bali
Senajan sarana ngalangi sadawane kali
Prau sing lelayaran kae pancen nyurung tekadku
Nrajang sela-selane ombak nlusup sangisore dahuru


Rembulan Salingir
Dening: Turiyo Ragilputra

Rembulan salingir ngilo ing banyu sendhang
bokmenawa mentas pupuran lan bengesan
apa wewayangane payu dole
jarik salembar ilang bathikane
Tetes kringet pecahe riwe
agal alus manut tembunge
diundhuh apa digadhuh
dununge mung ana ing salembar suruh
Rembulan salingir rembulan kumanthil
rembulan kumitir rembulan pinikir
yagene mung mencok ing pang jambu
suthik mencok ing pang atiku?
ah, getih iki menyang endi iline
sedheng jaman suthik ngowahi kodrate
desa lan alas Liwung
suwunge weteng lan ngeleke gurung
apa bisa adrengku dibendung
nganggo krakal kali apadene lempung
Rembulan salingir ceblok ing korine ati
larane wudel tambane pupus jati


 SESANDHINGAN
                        (Elisabeth Herni Widiastuti)

Swara jledher jumedher ing angkasa
Thathit nyamber ubaling geni swara
Roda manggilingan tan kendhat niti margi
Mokal leren yen durung titi wanci

            Raga tan ana rega
            Gumlundhung sapinggiring wana aking
            Tinebas murkane denawa
            Kang goreh kelangan papan rumeksa
            Titah manungsa wus lumrahe sumandhing
            Kalayan titah kang nora kasat mata
            Sesandhingan mlaku bareng mecaki dalan padhang
            Nora kudu uleng rebut papan
            Kabeh mau wis dadi garis
            Sing katon mungguhing netra
            Beda papan mungguhing sing nora kasat mata

Prajaku prajamu
Aja padha nggelung perkara
Papanku papanmu
Aja padha ngore ukara
Rumeksaa ing sadhengah papan
Wayah datan kongsi lingsir
Samangsa Kang Murbeng Dumadi nora paring pangandika

 
















Kumpulan Geguritan Tema Kritik Sosial


JARE DEMOKRASI
(Yusuf Susilo Hartono)

Manuk garudha
Tumlawung sangisore mendhung
Nuli pitakon marang lung :

Jare demokrasi
La kok malah mbraka korupsi
Jare demokrasi
La kok urip padha nggendhong lali
Jare demokrasi
La kok para wanita padha kelangan mukti
Jare demokrasi
La kok para pepunden kelangan aji
Jare demokrasi
La kok mayuta-yuta malah kaliren
Sing nora kuat banjur kendhat
Sing nora tahan banjur edan
  

APA TEGESE
(Rachmmat Djoko Pradopo)

Srengenge wis glendheh-glendheh
Saka bang wetan nggugah tangi
Manuk-manuk padha ngoceh ing wit-witan
Apa iki esuk kang kita anti
Isuk kang kebak rahmat lan rejeki

Nanging, nadyan wis tetaunan
Malah rambut wis padha dadi uwan
Lha kok kaya ngene kahanane
Hawa saya panas sumelet rasane
Panguripan dhedhel ora bisa  unjal ambegan

Apa ta tegese, manuk padha ngoceh
Yen ati tansah goreh, atis lan miris
Ngendi-endi bom bunuh diri
Ngendi-endi teroris wengis
Nungkuli mangsa kebak rubeda
Mangsa kang kebak panalangsa


WINDU SENGARA
(Rachmat Djoko Pradopo)

Yaiku sing jenenge Windu Sengara
Wong sendonya padha sengsara
Endi perang endi krismon
Larang sandhang larang pangan
Embuh Sala, Jakarta, embuh Semarang

We lha, ndadak padha obong-obongan
Kerengan paten-patenan
Mangka sasedulur  padha bangsa
Jare reformasi kok malah dadi bilahi
Jare kanca malah dadi teroris wengis
Wong gedhe-gedhe kok malah mung butuhe dhewe

Padha rebutan lahan fitnah-fitnahan
We lha dalah adhuh Simbah!
Negara saya kisruh saya bubrah
Ora saya adil-makmur malah saya mundur
Kene tawur kana tawur kelantur lantur


WE  LHA
(Rachmat Djoko Pradopo)

Wathathithah adhuh simbah!
Rasa kok kaya ngene
Panase ra kira – kira
Kaya mawa bathok menggah
Suwasana ora lumrah

Wah, wah, bola – bali mung awak lungkrah
Tanpa daya arep apa
Mergaki jaman kang murangtata
We lha we lha...
La-la-la-la
Negara saya sengsara
Wong ndhuwur padha udur rebutan kuasa
Wong ngisor padha babak belur
Sengsara kalunta – lunta

  
LUH
Pelok TS

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Yen weruh kanca bungah-bungah mangkat sekolah
Nganggo sepatu banjur pamit bapak ibu lan simbah

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Wong tuaku ora bisa ngragati sekolah
Nganggur klonthang klanting ora adoh seka ngomah

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Meruhi jaman brubah langkah
Akeh bocah ora saba omah
Turu sak enggon-enggon waton bisa mlumah

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Polisi, Mentri, Bupati, DPR RI, padha koropsi
Ngguya-ngguyu ora dilebokke mbui

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Isaku mung ngemut driji
Pasrah marang Gusti
Kareben padha enggal eling lan diadili






Kumpulan Geguritan Tema Keagamaan


Sangu Bali
Dening Winangwong Sih

Aku kangen
Sawekru-wektu dakwaca laying suci iki
Ing pangajap bisa lan dadi kanca
Nalikane kijenan tanpa rowang

Aku sujud
Binarung swaraning jago kluruk
Nggegadhang padhanging ati
Ngilangake pepeteng sejati

Aku eklas
Bareng-bareng lan bocah lola
Golek klasa kang bisa ginelar amba
Nyilep lebu nulak rasa

Aku nangis
Sing daksebut mung jenenge tanpa pedhot
Ula gedhe upase mandi
Ora dakwedeni wis ana banyu tawa iki

Aku dikir
Mangsuli Munkar lan Nakir
Kapethik saking Panjebar Semangat Edisi 25



Sungkem
Dening Sugeng Wiyadi

Sungkemku dakwujudake guritan, Ibu
Jejere anak lanang luput saka kekudangan
Nyingkur katresnan lan kamanungsan
Malih bacingah utawa brekasakan
            Sungkemku dakwujudake tembang, Bapak
            Kaya macan lepas saka krangkeng
            Anak lanang sing tansah nggembeleng
            Kumledhang ijen golek memangsan
            Ing gumuruhing kutha metropolitan
Gumerite wektu nyulap kahanan
Iklan-iklan gumebyar mencit njara langit
Tawa kemewahan lan kanikmatan
Lan anak lanang sing mbedhal saka kandhang
Kentir ing ulegan peradaban
Jroning sungkemku, Ibu
Gumawang sih-katresnanmu nyusoni bayi
Dumeling dedongengmu ngenani para Nabi
Amar makruf nahi munkar piwulang wigati
            Jroning sungkemku, Bapak
            Kumlebat wewayangan galak
            Ngumandhang maneh swara panyentak
            Sapa sing ngajari murangsarak?
Sungkemku dakwujudake guritan
Sungkemku dakwujudake tembang
Saka swalike ruji-ruji kanisthan
Kapethik saking Panjebar Semangat Edisi 25



Sepi ing Wektu Dalu
Dening Anie Soemarno

Ing sepi wektu dalu apa kang kadulu
Nalika ijen ing senthonganing kalbu
Dhuh dulurku hara apa kang keprungu
Tlethik tlethiking udan kang nuhoni dhawuhing Pangeran
Aja kokselaki kanyatan iki
Embuh setan embuh Gusti
Kang dadi condhonge ati
Wangsulana mumpung wekti dalu sepi
Nurani kumlebat sinartan wewayangan
Bisa rinasa ra kena digrayang
Wujud sakeh rerupan
Dadi lintang, rembulan, langit biru
Ngelingake sing ngenakake
Sing kadulu iku
Kapethik saking Panjebar Semangat Edisi 25

Selasa, 01 Juli 2014

Cerita Rakyat 3


Rawa Pening

Wong-wong ing desa iku padha masak kang sarwa enak kanggo nyiapake pesta. Kabeh padha saiyeg saeka kapti, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane, ora wangun sandhang panganggone, dedeg piadege dhuwur kencur.
Mangerti kaanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta.Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau
bisane mung nangis. Karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala lunga lan ngedoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati
amarga tansah digawe kasar, diina, diece, ditendhang, bocah ala mau nasak lurung, mlaku menyang kampung kang tanpa arah lan tujuan. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kaanane lan adoh papane saka masyarakat kanan kering. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau, bocah elek rupane dirumat dening simbah randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah, yen dheweke yaiku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinthing nerusake laku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga, Baru Klinthing weling utawa pesen marang simbah, yen mengko ana prastawa gedhe, simbah supaya numpak lesung minangka kanggo prau lan enthong minangka kanggo wilahan. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling-ngeling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha metu lan ngusir marang Baru Klinthing kanthi kasar. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada kasebut nuli ditancepake ing lemah.Wong-wong supaya ndudut sada mau, yen bisa arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru Klinthing kang kaya mangkono, wong-wong padha nesu lan nyoba njabut sada mau. Saka sing awake gedhe ora padha bisa njabut. Pungkasane, sada kajabut Klinthing lan muncrat banyu. Muncrate banyu sansaya suwe sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan golek papan panggonan kang luwih dhuwur, munggah umah, menek wit-witan dhuwur, menek wit klapa nanging banyune sansaya suwe sansaya gedhe lan ngratakake kampung mau. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, raja kaya, lan wong-wong mau padha sirna amarga oleh piwales saka tumindake dhewe. Kampung kang mirip rawa iku mau, diarani Rawa Pening.
( Kapethik saka : Cerita Rakyat Nusantara )

Pranatacara 3


Waluyan Lamaran


Assalamu `alaikum wr.wb

Mugi katentreman , karaharjan saha kawidadan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi, amien.
Nuwun, panjenenganipun Bapak  ………………………….. sekaliyan garwa dalasan brayat agung ingkang kula kurmati , kula pun……………………………. minangka talanging basa…..……………………. sekaliyan garwa ,kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.
Namung sakderengipun matur, mangga-mangga ngunjukaken raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan ,kawilujengan temah kula panjenengan sadaya sesarengan lenggah wonten ndalem ngriki kanthi wilujeng ,nirbaya ,nirsangsaya.
Nuwun panjenenganipun  ………………… sekaliyan ,kula keparenga matur bilih :
                                                            Sepisan :
Bp ………………………….. sekaliyan ngaturaken  pambagya wilujeng rawuh panjenengan  ing griya ngriki kanthi mboten   mboten wonten rubeda menapa-menapa.
                                                            Kaping kalih :
Menggah paringipun salam taklimipun saking Bp …………………….. sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun Bp………….……........  sekaliyan garwa.
                                                            Kaping tiganipun :
Menggah lamaranipun anak mas ……………………………..putranipun Bp/Ibu …………………. ingkang ngayunaken nimas ayu …………………………. estu damel kejoting /kageting manah kula, bebasan yayah kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu bombonging manah kula tanpa pepindhan.
Ngengeti anak kula ………………………….. menika tebih saking rupi lan ngelmi, pramila ingkang menika panjenenganipun Bp ………………………. sekaliyan iklas, menawi putrinipun badhe kadhaup kaliyan nakmas …………………………… minangka tetimbanganing gesang sesarengan .
Matur nuwun ugi  sedaya peparingipun tandha sih katresnan ingkang dipun paringaken dhumateng Bp …………………………… sakrimbit.
Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan gambuh , tumunten kalajengaken liru kalpika minangka tandha pangiketing raos lahir batinantawisipun nak mas ……………………….. ..saha nimas ayu ………………………………..
Pamuji kula mugi –mugi tetep dados jodhonipun saklami-laminipun.Amien.

Puput pepuntoning atur, wonten solah bawa ,muna-muni ingkang mboten damel sarjuning penggalih panjenengan, kula  ngaturaken santen peresan klapa,  nyuwun pangapunten sedaya lepat kula, nuwun.

Wassalamu ` alaikum wr.wb

Pranatacara 2


Wedharan  Lamaran

Assalamu `alaikum wr.wb.

Linambaran kanthi hamemuji konjuk ngarsaning Gust Allah SWTi , mugi kula lan panjenengan sadaya pinaringan rahayu slamet. Amien
Kawula nuwun.
-          Panjenganipun para priyagung kakung putri ingkang kinurmatan,
-          Para pinisepuh,sesepuh ingkang minulya, mliginipun dhumateng
-          Panjenenganipun Bpk saha Ibu …………………. sak-brayat, ingkang winantu ing suka basuki.

Sakderengipun kula matur ,mangga-mangga  ngunjukaken puji syukur wonten ngarsa ndalem Allah SWT , ingkang tansah paring kanugrahan , kamulyan, saha katentreman…..katitik ing wedal menika, kula lan panjenengan sedaya makempal wonten ndalem ngriki, bonten wonten alangan satunggal menapa, tebih saking rubeda  lan sambekala. Amien.                        
Nuwun panjenenganipun Bapak saha Ibu…………………………….sekaliyan ingkang kinurmatan. Kula pun ………….……………….,minangka sesulih/wakil rayi kula pun adhimas ……………………………. sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan :
Sepisan
Adhimas ……….………………..sekaliyan, ngaturaken salam taklim dhumateng ngarsanipun Bapak ...........................  sekaliyan, mugi katampia kanthi suka renaning penggalih.
Kaping kalih
Menggah wigatosipun kula sowan sakbrayat menika, namung dipun suwun dening rayi kula adimas  ……………………..sekaliyan , supados nyuwun pirsa .menapa leres bilih panjenengan menika  estu-estu kagungan putra putri ingkang sesilih/nami pun  ………………………….. ?? Lan menapa leres bilih sakmenika taksih ijen saha dereng gadhah pacangan ??
Mbok bilih leres,adhimas ……………………….. badhengebun-ebun enjanganjejawah sonten,  kang putra –putri   badhe kadhaupaken   kaliyan anakmas bagus ………………………… ingkang sakmenika ugi dherek wonten ngarsa panjenengan.
Ambok bilih panglamar menika katampi,adhimas  ………………………. sekaliyan ugi ngaturaken sesupe (ali-ali) minangka tangsulipun pirembagan saha ubarampe sawetawis minangka tandha tali asih katur dhumateng
Bapak ……………………  sekaliyan
.Kanthi menika mugi katampia kanthi suka renaning penggalih.

Wasana, kula ingkang minangka wakilipun adhimas  ………………………..   sekaliyan, wonten atur kula ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun.
Wassalamu ` alaikum wr.wb.

Panatacara 1


Pranatacara Lamaran 

Assalamu alaikum wr.wb

Katentreman, kawilujengan, kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi.
Nuwun , sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi-pundhi
Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing  suka basuki.
Mliginipun wonten ngarsanipun Bp………………………sekaliyan garwa lan gotrah, ingkang sanget kinabekten.

            Linambaran kanthi ngunjukaken raos  syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman,katitik ing siang menika kula panjenengan sadaya saget makempal ing ndalem ngriki,mboten wonten alangan satunggal menapa.
            Nuwun sagunging para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Keparenga kula cumanthaka marak sowan ing ngarsa panjenengan sadaya ,awit awrat ngemban dhawuhipun Bapa …………….  sekaliyan , kinen dados talanging basa/pranatacara, nglantaraken titilaksana  adicara lamaran ing enjang  menika, nun inggih kang putra putri sesilih nimas ayu……………..

Dene rantaman adicara lamaran    ing ri kalenggan  menika :
Sepisan                        :  P a m b u k a
Kaping kalih               : Wedharan lamaran  saking kularga Bp……………………             ingkang dipun sulihi Bp……………………….                                                      
Kaping tiganipun        : Waluyan lamaran saking kluwarga Bp………………                                                           ingkang dipun sulihi Bp……………..
Kaping sekawan          : Ular-ular/wursitawara dening Bp………………………
Kaping gangsal           : Sumene sawetawis / nikmati dhahar siang .

Kaping nenem :  Donga/hastungkara dening Bp…………………
                                   
Kaping pitu     :  P a n u t u p
           
            Bapak  Ibu saha para tamu sedaya ingkang sanget kula hormati. Mekaten rantaman adicara lamaran ing siang punika.Salajengipun,sakderengipun acara  menika kawiwitan, mangga sareng-sareng manungku puja nyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, murih rancaging adicara ing siang menika...... Manungku puja kawiwitan………….salajengipun ndungkap titilaksana adicara selajengipun nun inggih pangandikan /wedharan lamaran  saking keluarga Bp……………………….
ingkang badhe dipun sulihi Bp…………………………….kasumanggakaken. Nuwun.

Cerita Rakyat 2


Keong mas

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan.Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula.Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa.“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali.Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara.Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu.Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta.Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin.Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala.Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang.Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan.Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.


Cerita Rakyat 1


TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buta ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe.mbok randa kaget ngerteni ana Buta ijo ing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buta ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buta ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buta ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buta ijo menawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buta ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buta ijo iku menehi wit timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buta ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas.
Sawise Timun Mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun Mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun Mas ora dijupuk sang Buta.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun Mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun Mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buta. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun Mas lunga saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buta ijo kang arep jupuk Timun Mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun Mas wis ora ana. Buta ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun Mas.
Amarga Buta ijo jangkahe amba sedela wae Timun Mas wis meh kasil koyak. Timun Mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buta ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buta ijo kelingan menawa ngoyak Timun Mas. Buta ijo banjur ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buta ijo wis meh kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun Mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buta. Tapi sedela wae Buta ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun Mas banjur nguncalake buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buta ijo ngalangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun Mas lan kasil mentas saka segara. Timun Mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buta ijo kecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buta ijo kang ngoyak Timun Mas iku mati keleleb ing njero segara lendhut. Timun Mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.