Waluyan
Lamaran
Assalamu `alaikum wr.wb
Mugi katentreman ,
karaharjan saha kawidadan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya
waradin sagung dumadi, amien.
Nuwun, panjenenganipun Bapak
………………………….. sekaliyan garwa dalasan brayat agung ingkang kula kurmati ,
kula pun……………………………. minangka talanging basa…..……………………. sekaliyan garwa
,kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.
Namung sakderengipun matur, mangga-mangga ngunjukaken raos syukur
konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun paring
pinten-pinten kanikmatan ,kawilujengan temah kula panjenengan sadaya sesarengan
lenggah wonten ndalem ngriki kanthi wilujeng ,nirbaya ,nirsangsaya.
Nuwun panjenenganipun …………………
sekaliyan ,kula keparenga matur bilih :
Sepisan :
Bp ………………………….. sekaliyan ngaturaken
pambagya wilujeng rawuh panjenengan
ing griya ngriki kanthi mboten
mboten wonten rubeda menapa-menapa.
Kaping kalih :
Menggah paringipun salam taklimipun saking Bp …………………….. sekaliyan
garwa, sampun kula tampi lan tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun
Bp………….……........ sekaliyan garwa.
Kaping tiganipun :
Menggah lamaranipun anak mas ……………………………..putranipun Bp/Ibu ………………….
ingkang ngayunaken nimas ayu …………………………. estu damel kejoting /kageting manah
kula, bebasan yayah kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu bombonging
manah kula tanpa pepindhan.
Ngengeti anak kula ………………………….. menika tebih saking rupi lan ngelmi,
pramila ingkang menika panjenenganipun Bp ………………………. sekaliyan iklas, menawi
putrinipun badhe kadhaup kaliyan nakmas …………………………… minangka tetimbanganing
gesang sesarengan .
Matur nuwun ugi sedaya
peparingipun tandha sih katresnan ingkang dipun paringaken dhumateng Bp
…………………………… sakrimbit.
Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan gambuh , tumunten
kalajengaken liru kalpika minangka tandha pangiketing raos lahir batinantawisipun
nak mas ……………………….. ..saha nimas ayu ………………………………..
Pamuji kula mugi –mugi tetep dados jodhonipun
saklami-laminipun.Amien.
Puput pepuntoning atur, wonten solah bawa ,muna-muni ingkang mboten
damel sarjuning penggalih panjenengan, kula
ngaturaken santen peresan klapa,
nyuwun pangapunten sedaya lepat kula, nuwun.
Wassalamu ` alaikum wr.wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar