Rabu, 02 Juli 2014

Kumpulan Geguritan Tema Keagamaan


Sangu Bali
Dening Winangwong Sih

Aku kangen
Sawekru-wektu dakwaca laying suci iki
Ing pangajap bisa lan dadi kanca
Nalikane kijenan tanpa rowang

Aku sujud
Binarung swaraning jago kluruk
Nggegadhang padhanging ati
Ngilangake pepeteng sejati

Aku eklas
Bareng-bareng lan bocah lola
Golek klasa kang bisa ginelar amba
Nyilep lebu nulak rasa

Aku nangis
Sing daksebut mung jenenge tanpa pedhot
Ula gedhe upase mandi
Ora dakwedeni wis ana banyu tawa iki

Aku dikir
Mangsuli Munkar lan Nakir
Kapethik saking Panjebar Semangat Edisi 25



Sungkem
Dening Sugeng Wiyadi

Sungkemku dakwujudake guritan, Ibu
Jejere anak lanang luput saka kekudangan
Nyingkur katresnan lan kamanungsan
Malih bacingah utawa brekasakan
            Sungkemku dakwujudake tembang, Bapak
            Kaya macan lepas saka krangkeng
            Anak lanang sing tansah nggembeleng
            Kumledhang ijen golek memangsan
            Ing gumuruhing kutha metropolitan
Gumerite wektu nyulap kahanan
Iklan-iklan gumebyar mencit njara langit
Tawa kemewahan lan kanikmatan
Lan anak lanang sing mbedhal saka kandhang
Kentir ing ulegan peradaban
Jroning sungkemku, Ibu
Gumawang sih-katresnanmu nyusoni bayi
Dumeling dedongengmu ngenani para Nabi
Amar makruf nahi munkar piwulang wigati
            Jroning sungkemku, Bapak
            Kumlebat wewayangan galak
            Ngumandhang maneh swara panyentak
            Sapa sing ngajari murangsarak?
Sungkemku dakwujudake guritan
Sungkemku dakwujudake tembang
Saka swalike ruji-ruji kanisthan
Kapethik saking Panjebar Semangat Edisi 25



Sepi ing Wektu Dalu
Dening Anie Soemarno

Ing sepi wektu dalu apa kang kadulu
Nalika ijen ing senthonganing kalbu
Dhuh dulurku hara apa kang keprungu
Tlethik tlethiking udan kang nuhoni dhawuhing Pangeran
Aja kokselaki kanyatan iki
Embuh setan embuh Gusti
Kang dadi condhonge ati
Wangsulana mumpung wekti dalu sepi
Nurani kumlebat sinartan wewayangan
Bisa rinasa ra kena digrayang
Wujud sakeh rerupan
Dadi lintang, rembulan, langit biru
Ngelingake sing ngenakake
Sing kadulu iku
Kapethik saking Panjebar Semangat Edisi 25

Tidak ada komentar:

Posting Komentar