Rawa Pening
Wong-wong ing desa iku padha masak kang sarwa enak
kanggo nyiapake pesta. Kabeh padha saiyeg saeka kapti, ora ana kang keri.
Wong-wong padha nyiapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang
Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana
bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane, ora wangun sandhang
panganggone, dedeg piadege dhuwur kencur.
Mangerti kaanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora
seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial,
ora oleh berkah anggone pesta.Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane
ditundhung kanthi kasar. Bocah mau
bisane mung nangis. Karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang
dina ora mangan, bocah ala lunga lan ngedoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang
lara lan nabet jroning ati
amarga tansah digawe kasar, diina, diece, ditendhang, bocah ala mau
nasak lurung, mlaku menyang kampung kang tanpa arah lan tujuan. Anggone mlaku
ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kaanane lan adoh papane
saka masyarakat kanan kering. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis
dadi randha.
Ing gubug mau, bocah elek rupane dirumat dening simbah
randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah
ala mau crita marang simbah, yen dheweke yaiku Baru Klinthing utawa Jaka
Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing,
malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening
simbah, Baru Klinthing nerusake laku lan marani wong-wong kampung kang wis
nglarakake atine. Sadurunge lunga, Baru Klinthing weling utawa pesen marang
simbah, yen mengko ana prastawa gedhe, simbah supaya numpak lesung minangka
kanggo prau lan enthong minangka kanggo wilahan. Ing batin, simbah bingung karo
welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling-ngeling piweling
kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan
nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha metu
lan ngusir marang Baru Klinthing kanthi kasar. Nanging Baru Klinthing ora gelem
lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada
kasebut nuli ditancepake ing lemah.Wong-wong supaya ndudut sada mau, yen bisa
arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru Klinthing kang
kaya mangkono, wong-wong padha nesu lan nyoba njabut sada mau. Saka sing awake
gedhe ora padha bisa njabut. Pungkasane, sada kajabut Klinthing lan muncrat
banyu. Muncrate banyu sansaya suwe sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan
golek papan panggonan kang luwih dhuwur, munggah umah, menek wit-witan dhuwur,
menek wit klapa nanging banyune sansaya suwe sansaya gedhe lan ngratakake
kampung mau. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, raja kaya, lan wong-wong mau
padha sirna amarga oleh piwales saka tumindake dhewe. Kampung kang mirip rawa
iku mau, diarani Rawa Pening.
( Kapethik saka : Cerita
Rakyat Nusantara )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar