JARE DEMOKRASI
(Yusuf Susilo Hartono)
Manuk garudha
Tumlawung sangisore mendhung
Nuli pitakon marang lung :
Jare demokrasi
La kok malah mbraka korupsi
Jare demokrasi
La kok urip padha nggendhong lali
Jare demokrasi
La kok para wanita padha kelangan mukti
Jare demokrasi
La kok para pepunden kelangan aji
Jare demokrasi
La kok mayuta-yuta malah kaliren
Sing nora kuat banjur kendhat
Sing nora tahan banjur edan
APA
TEGESE
(Rachmmat Djoko Pradopo)
Srengenge wis glendheh-glendheh
Saka bang wetan nggugah tangi
Manuk-manuk padha ngoceh ing wit-witan
Apa iki esuk kang kita anti
Isuk kang kebak rahmat lan rejeki
Nanging, nadyan wis tetaunan
Malah rambut wis padha dadi uwan
Lha kok kaya ngene kahanane
Hawa saya panas sumelet rasane
Panguripan dhedhel ora bisa unjal ambegan
Apa ta tegese, manuk padha ngoceh
Yen ati tansah goreh, atis lan miris
Ngendi-endi bom bunuh diri
Ngendi-endi teroris wengis
Nungkuli mangsa kebak rubeda
Mangsa kang kebak panalangsa
WINDU
SENGARA
(Rachmat Djoko Pradopo)
Yaiku sing jenenge Windu Sengara
Wong sendonya padha sengsara
Endi perang endi krismon
Larang sandhang larang pangan
Embuh Sala, Jakarta, embuh Semarang
We lha, ndadak padha obong-obongan
Kerengan paten-patenan
Mangka sasedulur
padha bangsa
Jare reformasi kok malah dadi bilahi
Jare kanca malah dadi teroris wengis
Wong gedhe-gedhe kok malah mung butuhe dhewe
Padha rebutan lahan fitnah-fitnahan
We lha dalah adhuh Simbah!
Negara saya kisruh saya bubrah
Ora saya adil-makmur malah saya mundur
Kene tawur kana tawur kelantur lantur
WE LHA
(Rachmat Djoko Pradopo)
Wathathithah adhuh simbah!
Rasa kok kaya ngene
Panase ra kira – kira
Kaya mawa bathok menggah
Suwasana ora lumrah
Wah, wah, bola – bali mung awak lungkrah
Tanpa daya arep apa
Mergaki jaman kang murangtata
We lha we lha...
La-la-la-la
Negara saya sengsara
Wong ndhuwur padha udur rebutan kuasa
Wong ngisor padha babak belur
Sengsara kalunta – lunta
LUH
Pelok TS
Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging
ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Yen weruh kanca bungah-bungah
mangkat sekolah
Nganggo sepatu banjur pamit bapak
ibu lan simbah
Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging
ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Wong tuaku ora bisa ngragati sekolah
Nganggur klonthang klanting ora adoh
seka ngomah
Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging
ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Meruhi jaman brubah langkah
Akeh bocah ora saba omah
Turu sak enggon-enggon waton bisa
mlumah
Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging
ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Polisi, Mentri, Bupati, DPR RI,
padha koropsi
Ngguya-ngguyu ora dilebokke mbui
Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging
ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Isaku mung ngemut driji
Pasrah marang Gusti
Kareben padha enggal eling lan
diadili
Tidak ada komentar:
Posting Komentar