Selasa, 01 Juli 2014

Pacelathon 3


BANYU MAMBEG

            Nuju sawijining sore, Cahyana lan Ratih sowan Pak Hadi. Cahyana lan Ratih minangka wakil pengurus pemudha ing desane, dene Pak Hadi minangka Ketua RT. Kang dadi underane rembug anane banyu mambeg kang dadi gangguan karesikane lan kesehatan lingkungan.
Cahyana          : “Kula nuwun.”
Pak Hadi         : “Mangga... E E..Nak Cahyana karo nak Ratih ta iki mau, kene-kene mlebu kene.
Ratih               : “Inggih, Pak Hadi.”
Pak Hadi         : “Kadingaren sore-sore padha dolan mrene, sajake kok ana bab sing penting.”
Ratih             : “Mas Cahya, kowe sing matur Pak Hadi lho, amarga Mas Cahya sing luwih ngerti prekara sing arep diaturake iki!”
Cahyana       : “inggih Pak Hadi. Bapak minangka ketua RT ing ngriki, kula lan Ratih menika minangka wakilipun kanca-kanca pemudha Mekar Sari ing dhukuh ngriki badhe matur prakawis saluran toya sawingkingipun griyanipun Mbok Mangun.”
Pak Hadi         : “Kepriye saluran banyu buri omahe Mbok Mangun, ana kadadean apa?”
Ratih             : “Anu Pak..., toyanipun mambeg amargi kathah sangkrah utawi reregedipun, lajeng nuwuhaken ganda kecing sanget ingkang saged ngganggu kesehatan, Pak.”
Cahyana      : “Sanesipun njalari wontenipun ganda kecing, saluran mambeg punika ugi dados sarang nyamuk, Pak. Para pemudha sampun sarembag ngusulaken supados benjing Minggu dipunwontenaken gotong royong kanggo ngresiki saluran iku.”
Cahyana          : “Para pemudha siyap mbiyantu, Pak.”
Pak Hadi       : “Apik tenan. Malah kebeneran saiki aku ana wektu longgar, sadurunge suk Minggu ditandangi becike saiki ayo dicek mrana luwih dhisik, kanggo gawe rancangan anggone arep gotong royong suk Minggu.”
Cahyana          : “inggih Pak Hadi, mangga kula dherekaken!”
Ratih               : “Mangga, Pak!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar