Rabu, 02 Juli 2014

Kumpulan Geguritan Tema Katresnan


UMPAMA
Rina Dwi A

Umpama
Ing ndonya ora ana tembung dosa
Ora ana tembung nistha
Ora ana tembung cidra
Ora ana sing salah ing katresnan iki
Aku ora njaluk, aku ya ora nembung
Akeh sing memerak ati nggodha lan mbebejuk dhiri
Nyatane mung kowe
Sing tansah ana ing pangangen
Ngreridhu sepiku
Bareng lintang lan rembulan sing budhal panglong
Srengenge wiwit nyambut gawe
Panas ngeget sumelet
Nggugah nalar lan piker
Yen ora ana dosa, ora bakal ana neraka
Yen ora ana neraka, ora bakal ana suwarga
Yen ora ana suwarga, ora bakal ana rasa tresna
Yen ora ana tresna………….
Ora ana kowe !!!
Ora………….
Katresnan iki ora bisa diijoli
Digadheke
Apa maneh dituku sarana ubaling napsu
Katresnan iki katresnanmu, katresnan saka suwarga
Kang kudu tak reksa lan tak jaga
Aja nganti nyimpang nyemplung neraka
Dhuh, upamane
Aku karo kowe………..
Wuah…………

KEMBANG JATIROGO
Yusuf Susilo Hartono

Nalika esemmu bali miyak kori
prenjak ing pager ngudal lelakon
nggawe gatering ati

Banjur dakpethik kembang jati
satengahing mangsa ketiga
gegondhelan kedhepe netra

Wengi nyenyet
aku nampa wewayanganmu jroning
nedra

Kembang srengenge wis mlethek esuk kuwi
alon-alon aku njumputi katresnan
kang isih katon blasahan

Nimas wis titi wancine nagih janjimu
jalaran Gusti ora marengake
mlaku ijen jaman peteng iki

Lilakna !
 Turiyo ragilputra

Lilakna aku lunga, lilakna !
Nyeret sakehing panandhang titipanmu
Embuh menyang endi sikil bakal tumuju
Sagagang kembang mlathi
Uga racikan ukara peni sing rinonce dadi gupitasari
Bakal dadi piyandel tuwuhing rasa kangen ing ati

Lilakna aku bali,lilakna !
Salembar kitir isi gorehing rasa
Aja disuwek najan ora pengaji.najan ora pangaji
Nyatane aku durung kober methik kembang
Tanduranmu
Apameneh ngrasakake manise madu
Mula lilakna aku bali.o, lilakna aku bali
Senajan sarana ngalangi sadawane kali
Prau sing lelayaran kae pancen nyurung tekadku
Nrajang sela-selane ombak nlusup sangisore dahuru


Rembulan Salingir
Dening: Turiyo Ragilputra

Rembulan salingir ngilo ing banyu sendhang
bokmenawa mentas pupuran lan bengesan
apa wewayangane payu dole
jarik salembar ilang bathikane
Tetes kringet pecahe riwe
agal alus manut tembunge
diundhuh apa digadhuh
dununge mung ana ing salembar suruh
Rembulan salingir rembulan kumanthil
rembulan kumitir rembulan pinikir
yagene mung mencok ing pang jambu
suthik mencok ing pang atiku?
ah, getih iki menyang endi iline
sedheng jaman suthik ngowahi kodrate
desa lan alas Liwung
suwunge weteng lan ngeleke gurung
apa bisa adrengku dibendung
nganggo krakal kali apadene lempung
Rembulan salingir ceblok ing korine ati
larane wudel tambane pupus jati


 SESANDHINGAN
                        (Elisabeth Herni Widiastuti)

Swara jledher jumedher ing angkasa
Thathit nyamber ubaling geni swara
Roda manggilingan tan kendhat niti margi
Mokal leren yen durung titi wanci

            Raga tan ana rega
            Gumlundhung sapinggiring wana aking
            Tinebas murkane denawa
            Kang goreh kelangan papan rumeksa
            Titah manungsa wus lumrahe sumandhing
            Kalayan titah kang nora kasat mata
            Sesandhingan mlaku bareng mecaki dalan padhang
            Nora kudu uleng rebut papan
            Kabeh mau wis dadi garis
            Sing katon mungguhing netra
            Beda papan mungguhing sing nora kasat mata

Prajaku prajamu
Aja padha nggelung perkara
Papanku papanmu
Aja padha ngore ukara
Rumeksaa ing sadhengah papan
Wayah datan kongsi lingsir
Samangsa Kang Murbeng Dumadi nora paring pangandika

 
















Tidak ada komentar:

Posting Komentar