Pranatacara
Lamaran
Assalamu alaikum wr.wb
Katentreman, kawilujengan, kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa
kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi.
Nuwun , sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang
pinundhi-pundhi
Para tamu kakung-putri
ingkang winantu ing suka basuki.
Mliginipun wonten ngarsanipun Bp………………………sekaliyan garwa lan gotrah,
ingkang sanget kinabekten.
Linambaran kanthi ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti
Allah SWT, Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten
kanikmatan, kabahagyan saha katentreman,katitik ing siang menika kula panjenengan sadaya saget makempal ing
ndalem ngriki,mboten
wonten alangan satunggal menapa.
Nuwun
sagunging
para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Keparenga kula cumanthaka marak sowan ing ngarsa
panjenengan sadaya ,awit awrat ngemban dhawuhipun Bapa ……………. sekaliyan , kinen dados talanging basa/pranatacara, nglantaraken titilaksana adicara lamaran ing enjang menika, nun inggih kang putra
putri sesilih nimas ayu……………..
Dene rantaman adicara lamaran ing ri kalenggan menika :
Sepisan : P a m b u k a
Kaping kalih : Wedharan
lamaran saking kularga Bp…………………… ingkang dipun sulihi Bp……………………….
Kaping tiganipun : Waluyan lamaran saking kluwarga Bp……………… ingkang dipun sulihi Bp……………..
Kaping sekawan :
Ular-ular/wursitawara dening Bp………………………
Kaping gangsal :
Sumene sawetawis / nikmati dhahar siang .
Kaping nenem : Donga/hastungkara
dening Bp…………………
Kaping pitu : P a n u t u p
Bapak Ibu saha para tamu sedaya ingkang sanget kula
hormati. Mekaten rantaman adicara lamaran ing siang punika.Salajengipun,sakderengipun acara menika kawiwitan, mangga
sareng-sareng manungku puja nyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha
Welas lan Asih, murih rancaging adicara ing siang menika...... Manungku puja
kawiwitan………….salajengipun ndungkap titilaksana adicara selajengipun nun inggih
pangandikan /wedharan lamaran saking
keluarga Bp……………………….
ingkang badhe dipun sulihi Bp…………………………….kasumanggakaken. Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar