Selasa, 01 Juli 2014

Cerita Rakyat 1


TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buta ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe.mbok randa kaget ngerteni ana Buta ijo ing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buta ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buta ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buta ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buta ijo menawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buta ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buta ijo iku menehi wit timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buta ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas.
Sawise Timun Mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun Mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun Mas ora dijupuk sang Buta.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun Mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun Mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buta. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun Mas lunga saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buta ijo kang arep jupuk Timun Mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun Mas wis ora ana. Buta ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun Mas.
Amarga Buta ijo jangkahe amba sedela wae Timun Mas wis meh kasil koyak. Timun Mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buta ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buta ijo kelingan menawa ngoyak Timun Mas. Buta ijo banjur ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buta ijo wis meh kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun Mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buta. Tapi sedela wae Buta ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun Mas banjur nguncalake buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buta ijo ngalangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun Mas lan kasil mentas saka segara. Timun Mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buta ijo kecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buta ijo kang ngoyak Timun Mas iku mati keleleb ing njero segara lendhut. Timun Mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar