UMPAMA
Rina Dwi A
Umpama
Ing ndonya ora ana tembung dosa
Ora ana tembung nistha
Ora ana tembung cidra
Ora ana sing salah ing katresnan iki
Aku ora njaluk, aku ya ora nembung
Akeh sing memerak ati nggodha lan mbebejuk dhiri
Nyatane mung kowe
Sing tansah ana ing pangangen
Ngreridhu sepiku
Bareng lintang lan rembulan sing budhal panglong
Srengenge wiwit nyambut gawe
Panas ngeget sumelet
Nggugah nalar lan piker
Yen ora ana dosa, ora bakal ana neraka
Yen ora ana neraka, ora bakal ana suwarga
Yen ora ana suwarga, ora bakal ana rasa tresna
Yen ora ana tresna………….
Ora ana kowe !!!
Ora………….
Katresnan iki ora bisa diijoli
Digadheke
Apa maneh dituku sarana ubaling napsu
Katresnan iki katresnanmu, katresnan saka suwarga
Kang kudu tak reksa lan tak jaga
Aja nganti nyimpang nyemplung neraka
Dhuh, upamane
Aku karo kowe………..
Wuah…………
Ing ndonya ora ana tembung dosa
Ora ana tembung nistha
Ora ana tembung cidra
Ora ana sing salah ing katresnan iki
Aku ora njaluk, aku ya ora nembung
Akeh sing memerak ati nggodha lan mbebejuk dhiri
Nyatane mung kowe
Sing tansah ana ing pangangen
Ngreridhu sepiku
Bareng lintang lan rembulan sing budhal panglong
Srengenge wiwit nyambut gawe
Panas ngeget sumelet
Nggugah nalar lan piker
Yen ora ana dosa, ora bakal ana neraka
Yen ora ana neraka, ora bakal ana suwarga
Yen ora ana suwarga, ora bakal ana rasa tresna
Yen ora ana tresna………….
Ora ana kowe !!!
Ora………….
Katresnan iki ora bisa diijoli
Digadheke
Apa maneh dituku sarana ubaling napsu
Katresnan iki katresnanmu, katresnan saka suwarga
Kang kudu tak reksa lan tak jaga
Aja nganti nyimpang nyemplung neraka
Dhuh, upamane
Aku karo kowe………..
Wuah…………
KEMBANG JATIROGO
Nalika
esemmu bali miyak kori
prenjak ing
pager ngudal lelakon
nggawe
gatering ati
Banjur
dakpethik kembang jati
satengahing
mangsa ketiga
gegondhelan
kedhepe netra
Wengi
nyenyet
aku nampa
wewayanganmu jroning
nedra
Kembang
srengenge wis mlethek esuk kuwi
alon-alon aku
njumputi katresnan
kang isih
katon blasahan
Nimas wis
titi wancine nagih janjimu
jalaran
Gusti ora marengake
mlaku ijen
jaman peteng iki
Lilakna !
Lilakna aku lunga, lilakna !
Nyeret sakehing panandhang titipanmu
Embuh menyang endi sikil bakal
tumuju
Sagagang kembang mlathi
Uga racikan ukara peni sing rinonce
dadi gupitasari
Bakal dadi piyandel tuwuhing rasa
kangen ing ati
Lilakna aku bali,lilakna !
Salembar kitir isi gorehing rasa
Aja disuwek najan ora pengaji.najan
ora pangaji
Nyatane aku durung kober methik
kembang
Tanduranmu
Apameneh ngrasakake manise madu
Mula lilakna aku bali.o, lilakna aku
bali
Senajan sarana ngalangi sadawane
kali
Prau sing lelayaran kae pancen nyurung
tekadku
Nrajang sela-selane ombak nlusup
sangisore dahuru
Rembulan Salingir
Dening: Turiyo Ragilputra
Rembulan
salingir ngilo ing banyu sendhang
bokmenawa mentas pupuran lan bengesan
apa wewayangane payu dole
jarik salembar ilang bathikane
bokmenawa mentas pupuran lan bengesan
apa wewayangane payu dole
jarik salembar ilang bathikane
Tetes
kringet pecahe riwe
agal alus manut tembunge
diundhuh apa digadhuh
dununge mung ana ing salembar suruh
agal alus manut tembunge
diundhuh apa digadhuh
dununge mung ana ing salembar suruh
Rembulan
salingir rembulan kumanthil
rembulan kumitir rembulan pinikir
yagene mung mencok ing pang jambu
suthik mencok ing pang atiku?
ah, getih iki menyang endi iline
sedheng jaman suthik ngowahi kodrate
desa lan alas Liwung
suwunge weteng lan ngeleke gurung
apa bisa adrengku dibendung
nganggo krakal kali apadene lempung
rembulan kumitir rembulan pinikir
yagene mung mencok ing pang jambu
suthik mencok ing pang atiku?
ah, getih iki menyang endi iline
sedheng jaman suthik ngowahi kodrate
desa lan alas Liwung
suwunge weteng lan ngeleke gurung
apa bisa adrengku dibendung
nganggo krakal kali apadene lempung
Rembulan
salingir ceblok ing korine ati
larane wudel tambane pupus jati
larane wudel tambane pupus jati
Swara jledher jumedher ing angkasa
Thathit nyamber ubaling geni swara
Roda manggilingan tan kendhat niti margi
Mokal leren yen durung titi wanci
Raga tan ana rega
Gumlundhung sapinggiring wana aking
Tinebas murkane denawa
Kang goreh kelangan papan rumeksa
Titah manungsa wus lumrahe sumandhing
Kalayan titah kang nora kasat mata
Sesandhingan mlaku bareng mecaki dalan padhang
Nora kudu uleng rebut papan
Kabeh mau wis dadi garis
Sing katon mungguhing netra
Beda papan mungguhing sing nora kasat mata
Prajaku prajamu
Aja padha nggelung perkara
Papanku papanmu
Aja padha ngore ukara
Rumeksaa ing sadhengah papan
Wayah datan kongsi lingsir
Samangsa Kang Murbeng Dumadi nora paring pangandika