Jumat, 27 Juni 2014

Cerkakku 8


R.A.D.I.O

“ZOZ kring krong langsung….radione para mudha sing tukang galau…Ya isih ning kene bareng aku Widiastuti…tekan jam sepuluh bengi…sapa sing arep kirim-kirim salam, apa telpun kanggo someone sing ana ning kana…apa sing arep ngetokake unek-uneke…mangga kirim menyang 0856 4300 1200….tembang kapisan Lelo Lidung saka Waljinah….bakal tak puter kanggo panjenengan sedaya…”
Swarane sing kepenak dirungake lan alus ditrima kuping, nggawe Widiastuti wis setaun setengah kerja ning ZOZ Radio…saliyane siaran, Widiastuti kecathet dadi mahasiswa ning kutha Semarang.
Esuk mangkat kuliah, sorene mangkat kerja.  Siaran kanggo Widiastuti ora mung asal ngomong sing apa wae sing nyenengake, nanging kepriye kanthi omongane kuwi wong bisa kepenchut atine, tentrem anggone ngrungokake tembang-tembange lan syukur bisa ngetokake apa sing dadi unek-uneke. Saka siaran iki, Widiastuti mangerteni sathithik polahe wong sing lagi kasmaran, polahw wong sing lagi kangen, polahe wong sing lagi nduweni salah lan ora wani njalung pangapura karo wonge cara langsung, radio dadi piranti kanggo kuwi kabeh, ananging peminate radio uga sansaya bubar, bubar kagawa jaman, jaman edan…
Jam 11, Widiastuti wis rampung anggone kuliah. Kuliahe pak Hardin nggawe Widiastuti kepingin ndang mulih. Ning dalan dheweke ketemu karo mantan pacare, Nino. Nino ngajak Widiastuti  ketemu ning kafe mengko sore.
Widiastuti wis ngira yen Nino si mantan sing wis seminggu diputus Widiastuti bakal njaluk balikan. Wangsulane Widiastuti mesthi ora gelem. Nanging Nino ngumbar janji yen dheweke bakal terus usaha supaya Widiastuti gelem nrima dheweke maneh. Omongane Nino ora ditanggepi dening Widiastuti. Wengine, wektu siaran radio, sesi curhat. Ana penelpun sing nyritakake critane, isine mirip kaya sing lagi dirasakake Widiastuti lan Nino. Swarane sing telpun uga ora asing keprungu dening Widiastuti.
Penyiar sing biasane mangsuli curhatane penelpun, Widiastuti malah meneng suwi banget.
“Iki sapa ? iki dudu Fino nanging Nino kan ?”
Ora ana wangsulan saka sing telpun. Mesthi bener yen kuwi Nino. Widiastuti mateni saluran radione, diisi tembang-tembang lan dheweke bali. Kancane sing padha wae penyiar gumun weruh polahe Widiastuti.
Esuke Widiastuti ditelpun marang pimpinan perusahaane, Widiastuti entuk teguran, ora kena mbaleni kelakuane lan kudu njaluk pangapura lumantar radio. Ora mung kuwi, dina iki ning kampus, Widiastuti dadi pusat omongan mahasiswa. Ana sing ngomong ora professional, ora nduwe tata karma lan penyiar sing urakan. Widiastuti nanggepi kabehane kanthi sabar.
Wengine, Widiastuti mbukak siarane kanthi tembang-tembang sing isine gegayutan karo njaluk pangapura, nyesel karo apa sing wis dilakoni. Siaran wengi kuwi dadi siaran sing paling mboseni. Siaran diawasi pimpinan lan akeh penelpun sing nakokake bab siarane wingi.
Seminggu saka kedadean kuwi, ringking acarane Widiastuti dadi mudhun. Widiastuti wedi setengah mati, apa maneh pimpinane krungu-krungu wis entuk pegawe anyar sing bakal ganteni Widiastuti. Warta iki keprungu dening Nino, krasa banget salah, Nino kudu nemoni Widiastuti, nanging njaluk pangapura wae Nino yakin ora cukup. Widiastuti ora pernah mbales lan njawab telpune Nino, ning kampus uga Widiastuti angel ditemoni.
Siaran radio sing biasane disiarake Widiastuti iki wis disiarake wong liya. Sanadyan mengkono Widiastuti tetep setia ngrungokake cenel radio ZOZ. Dadi penyiar radio pancen diwiwiti saka kesenengane dheweke ngrungokake radio, bali maneh saka jamane mbiyen, nggarap tugas karo ngrungokake siaran radio ning njero kamar.
Sawetara pungkasan acara, ana penelpun sing nyebut awake kanthi jeneng Nino. Widiastuti kenal banget karo swara iki, niate arep mateni radione lan turu, bareng krungu Nino nyebut jenenge, Widiastuti ora sida mateni radione lan njagong nangis sesunggrukan krungu pengakuane Nino. Saka curkate Nino, Widiastuti ngerti yen niate Nino sebenere apik.
“Muga Widiastuti sing aku yakin saiki lagi ning kamar ngrungokake siaran iki. Wid…aku njaluk pangapuramu…aku ora niat ngrisuhi uripmu, apa maneh nggawe kowe dipecat saka gaweanmu. aku kepingi kowe ngerti yen wektu kae aku ora teka menyang panggonan biasane dhewe ketemu merga aku bimbingan skripsi, kowe ngerti ta aku wonge gugupan, metu saka ruang sidang aku langsung lali yen ana janji karo kowe, dudu skripsi luwih wigati kanggo aku, nanging mengkono alesanku…aku wis tuku roti lank ado kanggo kowe nanging kowe ora gelem nrima apa-apa. Oh ya…ana maneh aku…wetengku mules banget sawise bimbingan skripsi, dadi aku bener-bener ora nggubris apa-apa…”
Widiastuti sing nangis kecampuran ngguyu mlayu njupuk jakete. Metu saka njaba lawang omah, Widiastuti weruh Nino sing lagi ngadeg karo telpun.
“Widiastutiku…wis teka mba…dongake ya ben aku bisa balikan karo Widiastuti…”
Widiastuti mlayu banjur nyikep mantan pacare sing bakal dadi calon bojone. Dibarengi meseman lorone, alam melu ngrasani, gerimis nyapu sekabehe lara ning njero ati.

Cerkakku 7


AKU KECANTHOL SEJARAH

Satria. Jenengku Satria. Kabeh wong ngundang aku Satria Baja Hitam. Umurku 20 taun. Saiki aku mahasiswa semester 7 punjul , lagi mumet-mumete karo skripsi. Aku lan kancaku Neni sing super tomboi nduweni kesenengan karo bab-bab sejarah. Kemangka jurusanku dudu Sejarah, aku seneng sinau sejarah Indonesia, sejarah kedadean sawijine panggonan, lan sejarah-sejarah liyane.
Minggu wulan loro taun 2012, Neni ngajak aku nonton film sejarah kerajaan-kerajaan  Jawa. Minggu kuwi wayahe sing jomblo ngluru pacar, malah nonton film kuna. Tak akoni pancen aku seneng sejarah diwiwiti saka aku seneng Neni. Nanging tresnaku bertepuk sebelah tangan alias ora ditampa, Neni ora ngadohi aku malah paring wawasan akeh saka sejarah-sejarah mau. Sansaya suwi tresnaku mangklih saka wonge dadi tresna marang kesenengane. Sejarah kanggo aku kaya wujud generasi mudha ngormati para pahlawan.
Kasile nonton film, aku lan Neni nduweni pepinginan arep penelitian ngenani bab kerajaan utawa kraton. Merga aku lagi nggarap skripsi, aku njaluk karo Neni supaya aku ngrampungake skripsiku dhisik. Setengah taunan aku ngutek-utek bahan skripsiku, nanging ora ninggalake kesenenganku karo Neni menyang sejarah, saben minggu aku karo Neni kerep lunga menyang papan sing nduweni sejarah, kaya museum nganti makam.
Petung sasi sabubare aku wisuda, saiki aku wis nyambut gawe ana Dinas Perhubungan dan Pariwisata. Kanthi lulusan Sarjana seni lan unggah-ungguh sing tak poles sathithik, aku bisa ngalahake ewonan wong. Neni, kepriye kabare Neni ? Neni lagi wae semester 6. Aku lan Neni dina iki janjian ning angkringan cedhak kosane Neni.
“Mas…sampeyan ora mangkat kerja dina iki ?”
“Ora…aku kan arep ketemu kowe, bahas keraton, aku wis gregetan iki pingin mrana. Kowe ora lunga kencan karo pacarmu ?”
“Ih…la sampeyan ya ora lungan kencan ?”
Satria lan Neni sing padha-padha ngerti durung nduwe pacare, mesem bebarengan.
Limang menitan lorone guneman, ana bocah wadon dhuwur, putih, ayu tenan. Satria ora kedhep anggone mandeng bocah kuwi.
“Hi…aku  Anindita…”
“Oh..ya mba mangga…”
Neni, Satria lan Anindita njagong, Neni njelasake karo Satria yem Anindita kuwi kerabat keraton Solo, keturunan nomer enem. Ora ana sing ngerti yen dheweke iki nduwe trah darah biru.
Satria lan Neni dadi kerep dolan bareng karo Anindita. Dolan menyang keraton uga kerep, nanging Anindita njaluk kejujurane Staria lan Neni, gelem njaga namane keraton Solo, Satria lan Neni nyaguhi prentahe Anindita. Sesasi sering dolan bareng, nggawe Satria tuwuh rasa tresna karo Anindita. Yen disawang-sawang, Anindita uga ana rasa. Saben dolan bareng wong telu, Neni krasa yen mung dadi obat nyamuk wae, kaya-kaya wong kencan lan nggawa adhine. Ora dikira Neni uga wis biasa bareng karo Satria, ana rasa cemburu saben Anindita teka.
Esuk iki, Satria bakal ngungkapake rasa tresnane marang Anindita, Neni dijaluki tulung supaya metuk lan nggawa Anindita menyang taman sing biasa dinggo kumpul bareng. Jam pitu bengi Anindita teka bareng karo Neni, ning kana wis ana Satria sing njagong ning kursi, kahanane romantis banget, sapa sing weruh mesthi meri.
Sawise reti wangsulane Anindita yen dheweke gelem dadi pacare Satria, Neni lunga mlayu karo nangis sesunggrukan. Satria ora pernah reti rasane Neni mendhem tresnane.
Setengah taun pepacangan, Satria nglamar Anindita. Panglamare ora ditampa dening kulawargane Anindita. Alesane merga Anindita arep dikawinake karo tunggal darah biru, isih keturunan kraton. Sing paling nggawe Satria kuciwa yaiku Anindita ora ngupayakaken tresnane karo Satria, percuma yen Satria sing yakinake kulawarga kraton nanging Aninditane ora saguh ngapa-ngapa. Anindita ora bisa nglanggar prinsip yen kulawarga kraton kudu njunjung trahe.
Dina kawinane Anindita, Satria mung ngurung awake ning njero kamar. Ora mlebu kerja telung dina, ora teka upacara kawinane Anindita. Sawise teka ning adicarane Anindita, Neni lunga menyang panggonane Satria. Neni khawatir kedaden apa-apa karo Satria, nanging iki mung prasangkane Neni, Satria katon luwih kuat.
“Neni…sawise kowe adoh saka aku, reti aku sedih kowe teka are papa ?”
“Aku…aku arep…arep nambani lara atimu Satria.”
Lorone padha menenge, banjur Neni nyikep Satria kenceng, krasa yen wong iki rapuh kaya klaras. Satria nemoni maning Neni kancane sing mbiyen. Satria saguh ngilangi Anindita saka uripe, saiki malah Neni sing dadi penguat uripe. Sawise kedadean Anindita. Satria lan Neni ora kapok mbahas bab sejarah. Satria lan Neni arep nggawe sejarah uripe dhewe. Sejarah nikahe Satria lan Neni. Wektu nglamar, Neni ora percaya banget yen Satria bakal nglakoni iki.
“Aku nyadar, keneng apa aku kudu adoh golek bojo, saben dina aku nyanding awakmu, saben dina kita ngukir sejarah, sejarah tresnaku lan tresnamu…”
            Apa sing ana ning wektu kepungkur, saiki, lan mbesuk bakal dadi sejarah uripe saben wong, Kepriye wong kuwi nglakoni uripe kanggo ngisi sejarahe dhewe. Kita ora bisa mbeleni sejarah, nanging kita bisa nggawe sejarah sing dieling, disimpen, digawa kanthi tekane pati.


Cerkakku 6


BAPAK IBUKU…
LOMBOK BRAMBANGKU…

Sega goreng komplit, ana sosise, daging, suwiran ayam goreng, endog, timun, krupuk, lan…jus jambu !
Dina iki aku sadar yen aku bisa mangan apa wae sing enak-enak…awale aku retine yen sing masak mesthi ibu, nanging…bapakku luwih jago masak tinimbang ibuku.
Kahanan iki dingerteni ibuku nalika isih pacaran, saben kencan mesthi bapakku nggawa jajan utawa masakane dhewe, malah pernah arep putus amarga masakan, keneng apa masakane bapakku luwih enak saka masakane ibuku. Ibuku ora nrima kahanan iki.
Sawise nikah, kahanan iki malah dadi sebab romantise hubungan bapak lan ibu. Yen bapak libur, bapak mesthi masak. Nanging merga kerjane ibu sing luwih enteng, ibu sing kerep masak. Saiki masakane ibu sansaya enak, amarga ditraining bolan-bolen karo bapak, ora jarang bapak lan ibu uga kerep masak bebarengan ning dapur.
Aku kelingan sedina sadurunge taun baru, bapak kepingin masak puding coklat lan es teller kanggo njamu tamu ngesuk,  nanging ibu ora sarujuk, ibu kepingin masak sega kuning lengkap kaya kanggo syukuran, amarga taun baru nyukuri awake dhewe bisa urip nganti ganti taun anyar. Pungkasane padha masak dhewe-dhewe, malah padha totoan, masakane sapa sing bakal entuk pujiane wong tuwa lan maratuwane dhewe.
Bapak lan ibu mesthi ora bakal lali kepriye mbiyen simbah padha paring panemu saka masakane ibu lan bapak. Yen aku ngemut-emut mesthi ngguyu dhewe, apa maneh ibu lan bapak.
“Naela…”
ups…ibu ngundang aku…wayah sore semene wayahe aku ngancani senam ibu.
“Ayo menyang pasar…mengko bengi wong kecamatan arep padha mrene, arep rapat dadakan ning kene…”
Tumben-tumbene aku ora dikon ngancani senam, nanging malah dikon menyang pasar. Aku ora pinter masak kaya ibu lan bapakku. Malah aku pinter pencak silat…jare simbahku aku bisa nglindungi bapak lan ibuku nalika aku wis gedhe. Lubar magriban, para tamu saka kecamatan wis padha teka. Sawise rapat padha mangan jamuane.
“Bu Yuni…kepriye ta anggonmu pinter masak? Iki dadar gulung kepriye carane nggawe?”
“Wah aku seneng yen nduwe bojo sing pinter masak bu…”
“Hm…panjenengan kabeh durung ngerti kepriye pak Budi bojone bu Yuni yen masak…masakane luwih enak banget saka masakane bu Yuni…bu Yuni malah sinau masak saka pak Budi….ya kan bu?”
Ibuku saben pakumpulan mesthi wae entuk pitakonan kaya mengkene. Nanging pitakonan sing pungkasan jarang, merga sing takon tanggane dhewe, sing biasa saben dina weruh lan krungu uripe kulawargaku. Nanggepi pitakonan-pitakonan mau, ibuku mesthi mangsuli kanthi ngalihake omongan karo mesem getir.
Sawise para tamu padha mulih, ibuku sing biasane ngresike kabeh perabote, saiki ngongkon mbak Kum ngresiki. Jam sepuluh kurang bapak bali saka kantor, baline bengi merga nglembur. Keprungu saka kamarku, bapak lagi ngguyu ngakak-ngakak. Ibu sing lagi kesel uga melu ngguyu. Gumuyune ora keprungu maneh nalika aku wis ngantuk keturon ora krungu apa-apa.
“Melu lomba masak? Aku ora sarujuk. “
Bapak arep melu lomba masak nasional seminggu maneh. Nanging ibu ora sarujuk. Pisan pindho mbujuk ora pernah digubris. Sawise kerja meneng-meneng bapak uga nyiapake resep-resep lan piranti apa sing kudu disiapake kanggo lomba. Ibu sing ngerti langsung nguri-uri.
“Mas…njenengan tenanan arep melu lomba masak kuwi?”
“Lha keneng apa ta bu? Yen aku menang uga ibu lan Naela melu seneng, melu ngrasakake hadiahe…”
“Ora masalah menang lan hadiah pak…njenengan kepingin nalika menang sadonya reti yen bojone bu Yuni pinter banget masak lan bu Yuni ora bisa masak ? kabeh wong bakal ngomong kaya mengkana kuwi !”
“Pancen saka mbiyen kowe iki ora pernah gelem kalah saka aku…ya wis karepe aku arep tetep melu lomba iki…”
Krungu omangane bojone sing mengkono kuwi, wengi iki bu Yuni turu ning kamare Naela. Naela wis telpun simbahe supaya ngesuk teka lan nengahi bapak lan ibune. Esuke ibu lan bapak kaget keneng apa simbahe wis ning kene lan ora paring kabar dhisik.  
“Kowe apa wis padha lali, mbiyen wektu Naela lagi cilik, rayahan arep nyuguhake panganan kanggo aku lan mertuwamu? Apa pesene mbah kakung? Masakan enak kaya apa yen ora digawe bareng lan nganggo ati ora bakal disenengi wong…”
Naela nyengir dhewe weruh ekspresine bapak lan ibune. Sawise simbahe lunga, ibu lan bapak padha jagongan ning ruang tamu.
“Sawise tak pikir, aku sarujuk yen njenengan melu lomba masak mas…”
“Aku malah wis radha ora kepingin bu…yen dhewe bisa maju bareng, ya aku melu.”
Naela dumadakan ngenehake formulir lan pamflet.
“Lombane bisa grup bisa dhewenan pak…ayo daftar…pendaftarane ditutup dina iki.”
Bapak lan ibu padha semangat anggone maca pamflete, formulir diisi lan dikirim menyang panggonane lomba.
Lomba masak diwiwiti. Jam sanga esuk dina minggu aku, ibu, bapak lan simbah lunga menyang panggonan lomba. Aku njagong ning ngarep dhewe karo simbah. Ibu lan bapak siap-siap arep lomba. Sawise sejaman ngenteni giliran, ibu lan bapak munggah panggung, lawane katon pinter-pinter masak, nanging bapak lan ibu tetep sing paling apik. Pungkasan tiba pengumuman lomba, ora susah ditakoni bapak lan ibu mesthi dadi juarane…juara siji…ye ye ye…
Hadiah saka menang lomba yaiku liburan menyang puncak…simbah uga diajak. Naela seneng nduwe wong tuwa sing padha seneng masak. Kelingan welinge simbah kakung, masakane ibu lan bapak kuwi enak, nanging yen dimasak bebarengan…nganggo ati…

Cerkakku 5


AKU LAN KOWE,
APA BEDANE?

“Aku dudu kowe…aku bedha karo kowe…nanging aku kancamu, aku lan kowe padha, padha manungsane, manungsa sing bisa ngupaya kanggo uripe…”
Rian~Beni

Beni bocah umur 16 taun sing ora tamat SMP merga ora saguh bayar SPP, saiki kerja ana ning bengkel ngrewangi pak dhene, kadang wayah sore ngamen ning abang ijo, sangu gitar cilik lan topi. Mangan sakanane, syukur bisa nambahi dhuit ibune kanggo tuku-tuku beras lan gula teh. Umur 7 taun Beni wis dadi anak Yatim, mulane saiki Beni wis biasa ngluru dhuit dhewe lan urip susah.
Seje karo Rian, bocah sakpantaran karo Beni sing pinter lan saiki isih sekolah kelas siji  SMA. Rian anake wong sugih, bapake manajer ning salah sawijine perusahaan ning kutha Jakarta, ibune nduweni toko klambi utawa distro sing lumayan gedhe. Apa sing dipingini Rian bisa katurutan, apa maneh Rian iki penyakitan, dheweke nduwe lara asma, kerep kumat yen sekolah, amarga sering kumate Rian dadi disekolahake ning omah alian home schooling. Kemangka sugih lan pinter, Rian ora seneng, ora bisa urip bebas kaya kanca-kanca liyane, apa maneh sawise ketemu Beni, pingin rasane uripe kaya Beni.
Sore iki Rian lunga menyang bonbin karo supire. Wis diwekasi karo wong tuwane Rian yen saben minggu Rian kudu refresing, jalan-jalan. Nanging jalan-jalane karo pak supir, merga wong tuwane Rian padha sibuk dhewe-dhewe. Ning tengah dalan, mobil sing ditumpaki Rian mogok, kudu mlebu bengkel, bengkel sing dileboni bengkele pak dhene Beni. Nalika Rian wis sumpek pingin bali, arep nyegat taksi. Dumadakan Rian weruh Beni sing lagi mbiyantu tukang bengkel liyane, disengeni mrana mrene merga salah jupuk piranti kanggo ndandani mobile Rian. Beni mlayu metu numpak bemo. Rian sida nyegat taksi.
Ning dalan Rian weruh ana wong promosi bubur ayam gratis, merga saking senenge karo bubur ayam Rian mudhun saka taksi. Wong sing dodol kuwi nawani sapa sing bisa ngentekake sepuluh mangkok bubur 15 menit, bakal entuk dhuit satus ewu. Rian ngacung lan njagong ning kursi sing wis disediani. Rian kaget nalika ning sisihe wis ana wong lanang saumure padha wae arep melu tantangan iki. 14 menit Rian wis ngentekake sangang mangkok bubur ayam, dene Beni nembe 8. Lorone padha kebut-kebutan, kepingin menang.
15 menit entek, Rian lan Beni kewaregen mangan 10 mangkok bubur ayam. Lorone golek ombe bareng lan njagong ning pinggiran toko.
“Kowe hebat bisa ngalahake aku, biasane aku melu tantangan iki mesthi menang, nembe iki aku kalah, kalah karo kowe…oh ya aku Beni…”
“Aku nembe sepisan iki melu lomba mangan ning pinggir dalan…aku Rian…”
Saka cara omongane, Beni reti yen Rian wong sugih. Rian uga ngerti yen Beni wong susah.
“Hadiah iki kanggo kowe…” Rian nyadongake dhuit satus ewu kasile lomba mau.
“Keneng apa kok kanggo aku, sapa sing menang kuwi sing entuk hadiah…”
“Aku reti kowe luwih butuh saka aku…”
Krungu wangsulane Rian, Beni meneng sedela lan celathu.
“Aku memang mlarat lan luwih nemen butuh dhuit kuwi, nanging aku ora bakal njaluk apa sing dudu dadi hakku. Matur nuwun. “
Sawise mangsuli kaya mengkono mau Beni lunga, Rian ora bisa ngomong apa-apa, nembe iki dheweke nemoni wong kaya Beni.
Minggu esuk Rian jalan-jalan menyang kampung-kampung, kepingin weruh kahanane wong sing jare kanggo mangan wae angel, Rian pingin weruh ngangga mripate dhewe. Dumadakan ning pojok gang sempit Rian weruh Beni lagi mlaku karo wong wadon umur 50 taunan, mlakune wis radha kangelan. Rian ora sadhar mbuntuti Beni lan ibune saka kadohan nganti tekan puskesmas.
Rian ngetuti Beni nganti tekan omah maneh., sing maune menyang pasar, apotik, lan warteg. Ora krasa sedina-dina anggone Rian ngamati Beni. Bareng arep bali, Rian dicegat Beni ning tengah dalan. Pungkasane lorone jagongan ning angkringan karo nyruput kopi lan gorengan.
“Ngapurane sadurunge, aku mbuntuti kowe sedina iki, nanging ora ana niat jahat apa-apa, aku naming pingin ngerti uripmu sing nyenengakae iki…”
“Nyenengake? Keneng apa kowe nyebut uripku nyenengake? Aku sing njalani uripku…aku ora krasa seneng.”
“Kowe kudu nyukuri uripmu saiki Ben, kowe seneng ora kaya aku, wong tuwaku pancen sugih, kabeh bisa aku tuku, nanging aku ora bisa dolan mrana mrene kaya kowe merga aku penyakitan, aku bisa sekolah nanging aku ora nduweni kanca, wong tuwaku isih urip nanging ora tau ana wektu kanggo aku…”
Beni meneng sedela, ngrasani yen ora mung dhewene sing uripe susah, sing pingin nduwe dhuit akeh. Sing dhuite wis akeh uga tetep krasa uripe susah, pancen Gusti kuwi adil, manungsa wae sing ora tau nyukuri uripe.
Kekancanane Rian lan Beni sansaya raket. Rian ngerti kanthi gamblang uripe Beni, uga suwalike. Yen Beni butuh dhuit, Rian siap nyelangi, yen Rian lara ning rumah sakit uga Beni siap ngancani. Rian uga kerep sinau bareng karo Beni, lorone uga wis ngrancang arep bukak bisnis bareng.   Kanggo masalah wong wadon, Rian lan Beni nduwe tipe sing beda, nanging ora sithik asring lara ati, sing pungkasane uga malah kanggo guyonan lorone. Rian lan Beni dadi kaya kang mas lan adhine. Ibune Beni bisa kerja ning tokone ibune Rian. Malah ibu-ibu iki katon rukun, ibune Rian sinau akeh saka ibune Beni ngenani tanggungjawabe dadi ibu. Beni lan Rian, lorone tambah bisa nyukuri uripe saiki lan semangat anggone nglakoni urip. 

Cerkakku 4


PERAWATKU  AYU

Para dokter lan perawat padha kumpul persiapan kanggo operasi ning ruang UGD. Kasus operasi iki bocah umur limang taunan sing nduweni penyakit kanker. Ana dokter ahli bedah, dokter khusus penyakit njero, dokter anak lan saperangan perawat. Wong tuwane bocah iki lan kabeh kulawargane padha nunggu ning njaba. Ana praupan sedih lan was-was. Dibo, jenenge bocah sing nduwe penyakit kanker kuwi. Bocahe bagus, pinter lan cekatan. Dibo anak siji-sijine saka pasangan bapak Yudi lan bu Tanti. Sawetara sejam setengahan para dokter padha metu, perawat ngresiki piranti sing isih kececer ning njero ruangan. Kringet kemucur saka dokter Syamsul, dokter anak sing ngawasi Dibo.
“Kepriye pak dokter kahanane anakku”
“Mangga menyang ruangan kula pak…bu…”
Langkah sing krasa ketar-ketir, kepriye jan-jane kahanane Dibo.
“Mekaten pak…bu…kankere Dibo sampun saged dipunpendhet. Nanging kahanane Dibo lemah sanget, amargi medhalaken getih kathah, kula nyuwun pasokan golongan darah jenis A, menawi saged mangke dalu langsung didonor, menawi boten wonten rumah sakit nggadhahi, sumangga panjenengan matur kaliyan perawat ingkang njagi Dibo. Pak…bu…sedaya gumantung kaliyan Gusti Allah, pihak rumah sakit sampun ngupayakaken sedaya ingkang paling sae kangge Dibo putrane panjenangan.”
Tanpa wangsulan apa-apa pak Yudi lan bu Tanti langsung metu saka ruang dokter lan mlaku alon-alon menyang panggonane Dibo. Ning kana ana perawat siji sing lagi nunggoni Dibo. Pak Yudi lan bu Tanti ngucapake matur nuwun karo perawat kuwi sinambi njaluk tulung supaya ngurusake tambahan darah kanggo Dibo. Pak Yudi uga nyuwun supaya terus njaga Dibo yen wong tuwane ora bisa ana ning sandhinge. Sawise apa sing dadi tugase Dinda, perawat sing nduweni misi nggawe senenge pasien iki wis dingerteni, dheweke banjur lunga metu saka ruangan lan enggal nemoni dokter syamsul kanggo nyerahake laporan operasi mau.
Dokter syamsul katon wis kesel, dheweke lagi beres-beres arep bali. Dinda mlebu karo mesem manis, nyerahake laporan operasine.
“Kowe wis mangan, ayo mangan…dhewe wis suwi ora mangan bareng, gayane ning sms, sampun dhahar mas…yen diajak mangan bareng ana wae alesane.”
            “Mas Syamsulku sayang, aku lagi ana gawean lemburan…panjenengan dhahar piyambak nggih?”
Syamsul lan Dinda senengane guyonan wae, sanadyan lorone pepacangan wis nganti setaun luwih, nanging yen prakawis prakaryan tetep prefesional.
Esuk-esuk Dinda wis mangkat bareng lan sarapan bareng karo Syamsul. Dumadakan ana sms saka pak Yudi bapake Dibo. Isine dina iki tulung kancani bu Tanti sing njaga Dibo dhewenan ning rumah sakit, pak Yudi ana gawean ning luar kota ora bisa ngancani Dibo. Dinda langsung mangkat menyang rumah sakit, Syamsul nesu keneng apa pasien mesthi gawe kencane karo Dinda bubar kabeh. Seminggu saka dina operasi, Dibo sansaya tambah parah, Dinda sing ngancani saben dina nganti njaluk tulung bola-bali karo pacare Syamsul supaya nglakoni apa sing bisa nggawe Dibo sehat.
Setengah pitu esuk, Dibo divonis umure ora ana sesasi maneh. Dibo ngduweni kepinginan jalan-jalan karo bu perawat ayu Dinda lan pak dokter ganteng Syamsul. Syamsul gedheg-gedheg karo nyawang Dinda, Syamsul ora tahu katon cedhak bareng karo Dinda ning rumamh sakit, amarga dheweke jaim banget, ora ana warga rumah sakit sing reti yen dokter Syamsul lan perawate Dinda ana ikatan pepacangan bakal arep tunangan, kejaba kanca cedhake Dinda jeneng Wati lan pak satpam rumah sakit sing kerep mergoki Syamsul lan Dinda sak mobil bareng.
Sawise Dinda ngrayu Syamsul, pungkasane Syamsul gelem. Wektu jam kerja ana sing kosong, wong telu kuwi lunga menyang taman dolanan ning pusat kutha. Dibo lan Syamsul katon akrab banget, kaya bapak lan anake. Ning komedi putar, Dibo njaluk Dinda lan Syamsul uga melu numpak. Arep nolak nanging uga ora kepenak, banjur gelem numpak komedi putar bareng-bareng. Dinda ora pernah numpak komedi putar karo Syamsul, bareng ana Dibo bisa ngrasani jalan-jalan bareng. Wayah sore bali menyang rumah sakit, Dibo takon apa ya dokter Syamsul seneng karo perawat Dinda? Syamsul lan Dinda ngguyu bebarengan. Durung sempet Syamsul nyumauri pitakonane Dibo, Dibo wis celathu dhisik.
“Perawat Dinda pacare Dibo…perawat Dinda sing paling ayu…ora ana sing bisa ngalahake tresnane aku marang perawat Dinda…yen pak dokter tresna karo perawat Dinda, kudu tresna tenanan aja gawe perawat Dinda nangis…”
Krungu omongane Dibo sing isih cilik, Syamsul sadar yen Dinda bener-bener dadi gegantelaning atine. Ora bakal dhewene gawe tangise Dinda. Sedina sawise jalan-jalan Dibo koma, kabeh padha panik. Dinda lan Syamsul wis nganggep Dibo kaya anake dhewe, ora lila yen kelangan, padha rasane kaya pak Yudi lan bu Tanti.  Sejam ngenteni kasile priksa, Dibo wis ora ana. Kabeh padha tetangisan, Dinda ora bisa nahan tangise, awake lemes kabeh arep tiba banjur disikep Syamsul. Saiki Syamsul luwih romantis lan tambah tresnane karo Dinda. Saisi rumah sakit, saka pasien, dokter, nganti satpam ngerti yen Syamsul pacare perawat Dinda sing ayu kae.

Cerkakku 3


KUTHA VS DESA

            “Apa? Liburan menyang omahe simbah?”
            Esuk banget kulawargane bapak Abidin wis ngunggahake koper-koper menyang bagasi mobil. Katon pak Abidin dibantu bocah lanang umur 16 an taun ngangkati tas. Ning mburine katon ibu-ibu karo anak prawane.
            “Ayo Zahrina…cepet…” Pak Abidin nyeluk anak prawane sing mlakune kaya keong.
            Ning njero mobil, kabeh lagi sibuk karo gaweane dhewe-dhewe. Ibune, bu Sus lagi ngrampungi anggone pupuran, Tomi anak lanange lagi sibuk dolanan game, dene Zahrina lagi nyoba nelpon wong. Bapake sing ngemat kelakuane bojo lan anak-anake mesem dhewe.
            “Halo, ya…maaf aku ora sms dhisik, ya…sesasi yang…oke…Waalaikumsalam.”
            “Pak, neng omahe simbah sesasi?”
            “Ya.”
            Saka kaca spion, katon yen Zahrina ora seneng kesuwen ning kampung. Sejam ning dalan, kulawargane pak Abidin leren padha sarapan lan lunga menyang toilet. Saka kutha, simbahe digawani klambi anyar lan who-wohan kaya apel lan jeruk. Simbahe Zahrina lan Tomi seneng banget karo apel lan pete, saben bali saka kampung mesthi digawani pete sing dipetake saka wite langsung. Baline saka kampung nggawe toilete mambu pete nganti pirang-pirang dina, sebab bapake seneng banget pete kaya dene simbahe.
            Wolung jam saka kutha Jakarta menyang desa Sidomukti Pekalongan, sawetara jam setengah lima sore wis tekan omahe simbahe. Para tangga teparo padha methuk ning ngarep omah. Kaya ngene kahanane wong desa, sayuk rukun bebarengan. Simbahe saka kadohan katon bergas kae, eseme nggawe Zahrina lan Tomi ngguyu ngakak amarga untune sing wis ompong. Mudhun saka mobil, padha salaman karo simbahe, bapak sing paling katon kangen dhewe nganti luhe mili. Panganan kapisan sing nggawe weteng tambah luwe, yaiku sayur lodeh nangka khase simbah. Sanadyan simbah wis sepuh, nanging isih katon bergas, mbak Yumi rewange simbah uga nyritani yen simbah semangate ngluwihi bocah-bocah enom saiki.
            Ning kampung pak Abidin dolan menyang kanca-kancane wektu SD, SMP, lan SMA. Seneng rasane weruh kanca sing wis suwi ora tahu kepethuk, akeh cerita sing bakal dibabarake marang kanca-kancane. Bu Sus ning kampung akeh ngrewangi mbak Yumi masak lan resik-resik omah, ngancani guneman simbah lan dolan menyang tangga teparo. Tomi nduwe kanca-kanca akeh ning kampung, kanca-kancane diajaki dolanan game lan kerep saben sore bal-balan ning lapangan lan dus-dusan ning kali. Dene Zahrina mbake, kerep ning omah wae, sepisan-pisan metu omah njaluk kancani mbak Yumi menyang kebon teh mburi omahe simbahe, gawean liyane ngrusuhi bapak, ibu, adhine, lan uga simbahe.
            “Zahrina nyoba seneng urip ning kene mas, pingine bali wae, taktakoni jarene kangen karo pacare…”
            “Sapa pacare Zahrina? Kon entuk wong desa wae.” Simbahe teka saka mburi karo nggawa kinang.
            “Biasa bocah enom bu, wis wayahe seumuran Zahrina reti wong lanang.”
            “Pirang-pirang dina iki Zahrina seneng dolan menyang kebon teh karo anake sapa kae bu, kancaku lagi cilik, anake pak Gi…Gi…”
            “Anake Gito. Hm…jenenge Gusti. Ganteng kae bocah, Zahrina mesthi wis kepencut karo Gusti.” 
            Krungu ibune crita ngenani Gusti, pak Abidin lan bu Sus padha pandheng-pandhengan, reti yen anake Zahrina ora gampang yen milih pacar, ora gampang nyenengi wong, tipe wong sing dipacari Zahrina uga tipe wong-wong sing hebat. Mantan pacare Zahrina, bapak lan ibune reti kebeh. Satria kancane kuliah, pacaran karo Zahrina setaun. Anake menteri perhutani. Jodi pengusaha mudha sing gantenge kaya Cristiano Ronaldo. Burhanudin, sanadyan arane desa, keturunan keraton, gelare akeh lan angel yen diucapake. Gusti ??? Apa bocah kalem kaya Gusti uga arep dipacari Zahrina…
            Pancen Zahrina bocahe ayu, sapa sing weruh mesthi seneng lan pingin nyawang terus. Saben sore Zahrina mesthi dolan menyang kebun teh, mangkate ora karo mbak Yumi maneh nanging karo Gusti. Zahrina wis ora katon kesusu kepingin bali menyang kutha. Wis ora nyebut pacare lan wis ora ngapusi yen ana tugas kuliah. Yen disawang uga tambah akeh meseme. Apa Zahrina kepencut karo Gusti, apa ya Gusti jodhone Zahrina, apa ya Zahrina bakal urip salawase ning desa. Gusti uga bocahe sopan, seneng karo bocah-bocah cilik, kerep dolan menyang omahe simbahe Zahrina, guneman karo simbahe, dolanan catur karo pak Abidin lan ngegame karo Tomi.
            “Zahrina, sanadyan aku wong desa, ora gaul kaya awakmu, nanging atiku tulus, apik, tresna karo awakmu…gelem apa ora kowe dadi pacarku?”
            Omongane Gusti wingi bengi nggawe Zahrina ora bisa turu. Mau esuk pacare sing ning kutha ngejak seriusan lan arep ngrembug pepacangan iki karo wong tuwane yen Zahrina wis bali menyang Jakarta maneh. Gusti wonge pancen apik. Zahrina bolan-balen nyalahake awake dhewe, krasa yen namung menehi pangarep-arep palsu kanggo Gusti lan  nyelingkuhi pacare dhewe, Dimas sing ana kutha. Yen ditakoni bab ati, Zahrina ora bisa milih seneng Gusti apa Dimas. Saiki ning desa sing nyenengake Zahrina pancen Gusti, nanging mbiyen lan mengko yen bali menyang  Jakarta, sing bakal ana uga Dimas. Zahrina durung crita bab pacare Dimas sing ana ning kutha. Kepriye Zahrina nerangake bab iki karo Gusti. Wektune mangsuli pitakonane Gusti tinggal sedina maneh. Pak Abidin sakulawarga uga arep bali menyang Jakarta rung dina maneh. Galau. Tembung sing trep kanggo nggambarake perasaane Zahrina saiki.
            Kemangka Gusti wis reti kabeh ngenani Dimas saka Tomi adhine Zahrina, sore iki Gusti tetep teka kanggo ngrungokake wangsulane Zahrina. Kebon teh sing maune arep disulap dadi taman surga, ora dadi merga Gusti wis reti sing sebenere. Bareng lakune Zahrina katon saka kadohan, Gusti jumeneng. Lorone wis padha pandheng-pandhengan, Zahrina arep ngomong dhisik, nanging Gusti uga arep ngomong. Gusti ngomong yen Zahrina katon ayu banget dina iki. Gusti siap ngrungokake wangsulane Zahrina. Zahrina merem sedela lan nahan napase banjur…
            “Gusti, aku ora munafik aku ana rasa karo kowe selagi aku ning kene. Kowe nggawe aku ngguyu lan seneng. Nanging aku ora bisa dadi pacarmu lan pepacangan karo awakmu. Aku nyuwun pangapura, aku ora nduwe ancas kanggo sekedar dolanan apa istilahe mempermainkamu Gus. Rasa iki memang ana, aku…aku…wis nduwe pacar Gus ning kutha…jenenge…Dim …”
            “Dimas…aku wis reti kabeh Rin. Aku seneng yen kowe nyatane bisa seneng karo aku, merga kahananmu sing wis nduwe pacar lan kudu urip ning kutha…aku namung kuciwa keneng apa wektu nyedhaki kowe, kowe ora jujur ngomong karo aku yen kowe wis nduwe pacar jenenge Dimas?”
            “Aku ora saguh Gus…merga aku ngerti kowe wonge apikan, seneng karo aku tenanan.”
            “Ya wis. Aku seneng kowe gelem jujur karo aku. Aku njaluk kowe aja lali marang aku ning desa.”
            “Aku nganggep kowe pacarku ning desa Gus. Matur nuwun lan maaf kanggo kabeh salahku.”
            Zahrina lan Gusti padha salaman lan sikepan. Gusti bakal sedih ditinggal Zahrina menyang kutha. Ana pikiran iri karo Dimas sing bisa dadi pacare Zahrina. Nanging kabeh kersane Gusti Allah, manungsa namung nglakoni apa sing wis dadi garis uripe. Zahrina aku pacarmu ning desa…batin Gusti. Sawise rampung omong-omongan, Zahrina lan Gusti lungan nyepedha. Lorone mandheg ning pinggir dalan nonton sileme srengngenge. Zahrina lan Gusti tukeran barang kanggo kenang-kenangan. Zahrina nggawa kalunge Gusti, dene Gusti nyimpen syale Zahrina.
            Kabeh wis padha mlebu mobil, Zahrina sing ning pinggire mobil durung sida mlebu. Dheweke ngenteni Gusti, keneng apa Gusti ora teka kanggo ngucapake salam pisahan. Dumadakan ana bocah cilik njawil Zahrina lan ngenehake selembar jluwang, tulisane : Zahrina…aku bakal kangen kowe. Ayo cepet lunga, aku ora bakal teka mrono, aku ora saguh weruh kowe lunga. Love you…
            “Gus…ti…Gusti…”

Cerkakku 2


SANTI, SISWANTI, LAN SISWANTA

Percaya aku…kuatna atimu…
Cah ayu…entenana tekaku…
Cah ayu….entenana tekaku…

Siswanti lagi nyanyi tembange Didi Kempot judule Layang kangen ning kamare. Swarane nganti njaba omah, keprungu dening bapak ibune sing lagi jagongan ning teras. Siswanta, sedulur kembare Siswanti, nembe wae bali sekolah.. Santi mbakyune Siswanti  lan Siswanta arep bali dina iki saka Jakarta. Pak Jupri lan Bu Saripah pancen wis sepuh, Pak Jupri umure 75 taun dene Bu Saripah 5 taun ning ngisore. Santi dadi tumpuane kulawarga, ngragati kabeh butuhe kulawarga.
“Coba belen mbakyumu, wis tekan ngendi ?”
“Nembe sms Bu, jare wis tekan Semarang. Lagi numpak angkot menyang Gunungpati.”
Dunadakan ana swara salam saka kadohan.
“Assalamualaikum…”
“Waalaikumsalam…, lho jare adhimu lagi ning angkot mau?”
“Ya Pak, kuwi mau saiki wis tekan.”
“Wah anakku pambarep wis prawan pisan…suwi ora ketemu…”
Santi ngrangkul ibu lan bapakne…ngelus gegere…atos…nggambarake atosing urip. Siswanti sing saka mburi nggawa wedang kanggo mbakyune ora bisa nahan tangise.
“Keneng apa kok nangis? Kangen karo aku?”
“Ya mbak…”
“Kowe kelas telu SMP kan? Kapan ujiane ? arep nerusna ngendi?”
“Mbuh mbak…lagi bingung…”
“Ora susah bingung…ngko kowe karo Siswanta bakal tak sekolahake aku, bocah loro ora susah khawatir…sinau wae ben dadi bocah sing pinter.”
Kamar ngarep sing biasane kosong kanggo pirang dina iki bakal ana isine. Siswanta ngusungi tas-tase mbakyune menyang kamar kuwi. Saka gunemane Mbakyune karo wong tuwane, Siswanta lan Siswanti ngerti yen mbak Santi bakal pindah menyang Kalimantan melu mas Didik bojone sing dipindhah tugasi neng kana. Katon praupan sedih saka pak Jupri lan bu Saripah, nanging apa sing bisa dadi alesan kanggo nyegah anake supaya ora melu menyang Kalimantan.
            “Mas Didik ora bisa melu bali merga ora bisa ninggal gaweane pak…bu…nyuwun ngapura karo bapak lan ibu, saha nyuwun donga pangestu kanggo aku lan mas Didik…”
            “Ora ngapa San, pangestune bapak lan ibu mesthi ana kanggo kowe…pesene bapak, sing ngati-ati ana panggonane wong liya…dadia bojo sing sholehah…yen kapan bali mrene kudu wis nggawa putu kanggo simbahe ya…”
Kabeh padha tangisan, sedih arep pisah sawetara wektu, mbuh kapan bisa weruh maneh, sanadyan saiki teknologi wis canggih, duet bisa dikirim sedela langsung wis tekan, kirim kabar uga bisa lewat Email, facebook lan sejenise. Nanging apa ya ibu lan bapakne arep dolanan facebook lan Email, sing dipingini weruh anake kwarasan katon prawakan gedhe dhuwure.
            Limang dina Santi neng omah, wis wayahe mangkat menyang Jakarta, dheweke kudu packing nyiapake apa wae sing kudu digawa kanggo urip ning Kalimantan. Ning omah ibune wis nguatna atine lila legawa Santi lunga adoh menyang Kalimantan. Bareng Santi nglangkah metu, sungkem karo bapak ibune, tangisan ngiseni omah iki. Ibune dikon turonan wae ning njero kamar, sawise ojek sing disewa Santi wis ora katon wujude, lunga nggawa anake sing pambarep menyang kutha adoh.
            Santi kirim kabar menyang kampung sesasi pisan, sakliyane kirim layang uga kirim duet kanggo ngragati sekolah Siswanta lan Siswanti. Leloron bakal mlebu kuliah, nanging ora padha gelem yen sak universitas. Siswanta nduweni papan kuliahan sing wis dadi incerane. Siswanti ya uga ngono. Pendaftarane kuliah bakal dibukak minggu ngarep sawise pengumuman ujian. Minggu-minggu iki, Siswanta lan Siswanti jarang ning omah, lorone padha sibuk ngurusi persyaratane kanggo daftar kulliah. Pak Jupri lan Bu Saripah krasa yen ora bisa mbiyantu anak-anake padha ngurus kuliahe, amarga namung tamatan SD lan wis tuwa kaya ngene sing bisane apa, namung ngrusuhi.
            Jam setengah sanga bengi, Siswanta lan Siswanti wis padha mlebu kamare dhewe-dhewe. Mau isuk bocah loro kuwi padha nukoni piranti kanggo kuliah, saking kesele biasane wayah semene lagi padha grumungan ning ngarep TV saiki wis padha mlebu kamar. Bu Saripah sing nembe rampung nggawe teh anget kanggo pak Jupri melu turon ning sisihe.
            “Pak…”
            “Apa bu…”
            “Apa dhewe iki anake kurang akeh? Rasane sepi, apa maneh yen Wanta lan Wanti lungan arep ngguru ilmu.”
            “Ya kaya ngene iki bu, dadi wong tuwa sing wis tau enom…aku ora bisa nyegah bocah sing arep mabur dhuwur…”
            “Yen Siswanta lan Siswanti ora kembar, apa Siswanti gelem tunggu omah kene ngancani aku lan sampeyan pak…”
            “Bu, kabeh kuwi kuasane gusti Allah, syukur dhewe nduwe anak sing bisa kuliah, ora kaya dhewe sing namung ngrasani SD.”
            “Apa bapak ora krasa sepi yen bocah-bocah wis ora padha ning omah?”
            Pak Jupri ora nyumauri kandhane bu Saripah, keturon nganti ngesuk. Siswanta lan Siswanti deg-degan ngenteni pengumuman ujian. LULUS. Tulisan kuwi gamblang katulis ning selembar jluwang sing dikirim pak pos. Siswanta lan Siswanti jingklakan kesenengen. Siswanta mangkat menyang Jogja kanggo melu tes mlebu kuliah, dene Siswanti wis jelas ketampa ning sawijining universitas ning Solo, ora nganggo tes, nanging nganggo biji rapot. Siswanti pancen luwih pinter saka Siswanta. Lungane Siswanta sawetara telung dina.
            Ambune rumah sakit nggawe Siswanti kepingin lunga menjaba saka ruangan. Telung dina iki Siswanti lan ibune tunggu bapake sing lagi lara ning rumah sakit. Bareng Siswanta wis bali saka tes ning Jogja, dheweke langsung menyang rumah sakit. Weruh ibune awake radha ora penak, Siswanta ngongkon Ibune lan Siswanti bali ngomah wae. Sawise dokter ngomong yen pak Jupri kena struk, bu Saripah lan Siswanti bali kanthi luh brebes mili ning pipine. Seminggu ning rumah sakit, pak Jupri digawa ngomah arep dirawat jalan. Siswanti cerita yen mbak Santi gaweane saiki wis sepi, akeh saingane, mas Didik uga gajine kanggo nyukupi kebutuhane dhewe wae wis pas-pasan.
            Tambah dina pak Jupri tambah lara, esuk dina Jum’at bu Saripah wis nangis gemboran disanding Siswanta lan Siswanti. Pak Jupri ora ana, bapake seda. Santi ora bisa bali dina iki, dheweke ora weruh bapake sing kaping pungkasan. 14 dina saka sedane bapake, Jupri diterima kuliah ning Bogor. Sewulan maning Siswanta lan Siswanti kudu menyang universitas saperlu kuliah perdana lan registrasi. Siswanti ora saguh weruh kahanane ibune sing kaya ngono, apa maneh sawise ditinggal bapake. Bu Saripah  bener-bener wis ora bisa yen urip dhewe, saben dina Siswanti uga kudu ngrumati ibune, Siswanti ora saguh ninggalake ibune dhewe.
            “Kowe arep nggawa apa kanggo sangu ngesuk?”
            Siswanti ora mangsuli pitakonane ibune, luhe mung mili brebes. Ibune bingung keneng apa kok anake nangis. Siswanta diundang kon njagong ning ngarep TV.
            “Bu, ben Siswanta wae sing kuliah, aku ben ngrumat ibu neng kene, ibu dhewenan, ibu ora bakal bisa urip tanpa aku, ibu wis sepuh…”
            Siswanta lan ibune padha mbrambang. Ibune nyoba ora nangis, nanging ora bisa.
            “Apa kowe lila, ngrumat ibu, lila ora ninggal kuliahmu…kowe wis ketampa…”
            “Ibu luwih wigati kanggo aku, Gusti paring dalan liya sing bisa gawe aku ngrasani urip bu, kuliah papan kanggo aku golek rejeki, Gusti mesthi paring aku dalan sing luwih apik…aku ora bakal ninggal ibu dhewenan.”
            Siswanti lan ibune ngeter Siswanta menyang terminal. Ibune njaluk supaya Siswanta bisaa bali telung pisan disempet-sempetna. Siswanti njaga ibune sing wis sepuh ning omah. Santi lan Siswanta uga sregep kirim kabar maring omah. Meneng-meneng Bu Saripah wis nitipakae Siswanti karo anake pak lurah. Gilang putrane pak lurah wis pernah wani ngrembug yen dheweke seneng karo Siswanti. Bareng Siswanti krungu kabar iki, dheweke radha seneng nanging ya radha kuciwa, keneng apa dheweke ora dikabari ndhisik. Gilang pernah dadi cinta monyete Siswanti wektu cilik. Bu Saripah ora wedi ditinggal anake maneh, merga yen Siswanti dadi bojone Gilang, uripe uga tetep ning kene. Gilang magawe ning kantor kabupaten minangka sekretaris bupati. Gilang uga janji yen bakal ngayahi lan nggawe seneng Siswanti lan ibune. Siswanti nyadar yen Gusti mesthi nduweni cara kanggo makhluke, Siswanti nyukuri apa sing dadi uripe saiki, malah luwih seneng tinimbang kuliah, bisa nyanding wong tuwane, bisa dadi ibu rumah tangga sing diajeni bojone lan urip tentrem ning ndesa ora grusah-grusuh kaya ning kota.