Tuladha Pacelathon 2
Bu
Sri : “Kula nuwun.”
Bu
Lin : “Mangga, eh Bak Yu Sri.
Piyambakan kemawon Bak?”
Bu
Sri : “Nggih, amarga Mas Jupri
dereng kondur saking kantor lan Seli lagi latian nari.”
Bu
Lin : “Oh… Septi…, iki Budhe rawuh.
Kana Budhe damelaken unjukan.”
Septi : “Nggih Bu. Budhe kersa ngunjuk
punapa?”
Bu Sri : “Ora susah Nduk, ngko Budhe njupuk dhewe.”
Septi : “Ibu nembe kemawon damel es degan loh Budhe.”
Bu Sri : “Ora susah Nduk, ngko Budhe njupuk dhewe.”
Septi : “Ibu nembe kemawon damel es degan loh Budhe.”
Bu
Lin : “Nggih Bak Yu, mangga dipun
cicipi. Kula ugi damel bolu kukus.”
Bu
Sri : “Wah rejeki ku iki?
Panjenengan kok tumben damel es degan lan bolu kukus, Dhek?”
Bu
Lin : “Nggih Bak Yu, bolu kukus
kaliyan es degan pesenanipun Bu RT , kula damel kathah.”
Bu
Sri : “Oh..”
Septi
: “Menika Budhe, es degan
kaliyan bolu kukusipun. Budhe, Bak Seli gadhah buku paket biologi kelas 4?”
Bu Lin : “Nggih Bak Yu, sampun ngucali wonten Gramedia, boten wonten.”
Bu Lin : “Nggih Bak Yu, sampun ngucali wonten Gramedia, boten wonten.”
Bu
Sri : “Kayane ana Nduk, coba takon
dhewek karo Bak Seli. Lah punapa panjenengan sampun madosi wonten toko buku
sanesipun Dhek?”
Bu
Lin : “Sampun, nanging uga boten
wonten.”
Bu
Sri : “Nggih pun, mangke Septi
nderek kula wangsul kemawon. Dhek, kula wonten rejeki. Artanipun panjenengan
ingkang kula ampil kala wingi badhe kula wangsulaken.”
Bu
Lin : “Halah Bak Yu, menawi dereng
wonten ugi boten menapa.”
Bu
Sri : “Boten kok Dhek, menika
artane sampun wonten.”
Bu
Lin : “Nggih Bak matur nuwun.”
Bu
Sri : “Ayo, Sep melu budhe, jare
arep nyilih buku?”
Septi : “Saniki,Budhe?”
Bu Sri : “Ya”
Bu Sri : “Ya”
Bu
Lin : “Arep melu apa ora?”
Septi : “Nggih Bu. Mangke Budhe, Septi mundhut sandal.”
Septi : “Nggih Bu. Mangke Budhe, Septi mundhut sandal.”
Bu
Sri : “Nggih pun Dhek, kula pamit.”
Bu
Lin : “Nggih Bak, matur nuwun.
Ngatos-atos….”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar