KUTHA VS DESA
“Apa? Liburan menyang omahe simbah?”
Esuk banget kulawargane bapak Abidin wis ngunggahake
koper-koper menyang bagasi mobil. Katon pak Abidin dibantu bocah lanang umur 16
an taun ngangkati tas. Ning mburine katon ibu-ibu karo anak prawane.
“Ayo Zahrina…cepet…” Pak Abidin nyeluk anak prawane sing
mlakune kaya keong.
Ning njero mobil, kabeh lagi sibuk karo gaweane
dhewe-dhewe. Ibune, bu Sus lagi ngrampungi anggone pupuran, Tomi anak lanange
lagi sibuk dolanan game, dene Zahrina lagi nyoba nelpon wong. Bapake sing
ngemat kelakuane bojo lan anak-anake mesem dhewe.
“Halo, ya…maaf aku ora sms dhisik, ya…sesasi
yang…oke…Waalaikumsalam.”
“Pak, neng omahe simbah sesasi?”
“Ya.”
Saka kaca spion, katon yen Zahrina ora seneng kesuwen
ning kampung. Sejam ning dalan, kulawargane pak Abidin leren padha sarapan lan
lunga menyang toilet. Saka kutha, simbahe digawani klambi anyar lan who-wohan
kaya apel lan jeruk. Simbahe Zahrina lan Tomi seneng banget karo apel lan pete,
saben bali saka kampung mesthi digawani pete sing dipetake saka wite langsung.
Baline saka kampung nggawe toilete mambu pete nganti pirang-pirang dina, sebab
bapake seneng banget pete kaya dene simbahe.
Wolung jam saka kutha Jakarta menyang desa Sidomukti
Pekalongan, sawetara jam setengah lima sore wis tekan omahe simbahe. Para
tangga teparo padha methuk ning ngarep omah. Kaya ngene kahanane wong desa,
sayuk rukun bebarengan. Simbahe saka kadohan katon bergas kae, eseme nggawe
Zahrina lan Tomi ngguyu ngakak amarga untune sing wis ompong. Mudhun saka
mobil, padha salaman karo simbahe, bapak sing paling katon kangen dhewe nganti
luhe mili. Panganan kapisan sing nggawe weteng tambah luwe, yaiku sayur lodeh
nangka khase simbah. Sanadyan simbah wis sepuh, nanging isih katon bergas, mbak
Yumi rewange simbah uga nyritani yen simbah semangate ngluwihi bocah-bocah enom
saiki.
Ning kampung pak Abidin dolan menyang kanca-kancane wektu
SD, SMP, lan SMA. Seneng rasane weruh kanca sing wis suwi ora tahu kepethuk,
akeh cerita sing bakal dibabarake marang kanca-kancane. Bu Sus ning kampung
akeh ngrewangi mbak Yumi masak lan resik-resik omah, ngancani guneman simbah
lan dolan menyang tangga teparo. Tomi nduwe kanca-kanca akeh ning kampung,
kanca-kancane diajaki dolanan game lan kerep saben sore bal-balan ning lapangan
lan dus-dusan ning kali. Dene Zahrina mbake, kerep ning omah wae, sepisan-pisan
metu omah njaluk kancani mbak Yumi menyang kebon teh mburi omahe simbahe,
gawean liyane ngrusuhi bapak, ibu, adhine, lan uga simbahe.
“Zahrina nyoba seneng urip ning kene mas, pingine bali
wae, taktakoni jarene kangen karo pacare…”
“Sapa pacare Zahrina? Kon entuk wong desa wae.” Simbahe
teka saka mburi karo nggawa kinang.
“Biasa bocah enom bu, wis wayahe seumuran Zahrina reti
wong lanang.”
“Pirang-pirang dina iki Zahrina seneng dolan menyang
kebon teh karo anake sapa kae bu, kancaku lagi cilik, anake pak Gi…Gi…”
“Anake Gito. Hm…jenenge Gusti. Ganteng kae bocah, Zahrina
mesthi wis kepencut karo Gusti.”
Krungu ibune crita ngenani Gusti, pak Abidin lan bu Sus padha
pandheng-pandhengan, reti yen anake Zahrina ora gampang yen milih pacar, ora
gampang nyenengi wong, tipe wong sing dipacari Zahrina uga tipe wong-wong sing
hebat. Mantan pacare Zahrina, bapak lan ibune reti kebeh. Satria kancane
kuliah, pacaran karo Zahrina setaun. Anake menteri perhutani. Jodi pengusaha
mudha sing gantenge kaya Cristiano Ronaldo. Burhanudin, sanadyan arane desa,
keturunan keraton, gelare akeh lan angel yen diucapake. Gusti ??? Apa bocah
kalem kaya Gusti uga arep dipacari Zahrina…
Pancen Zahrina bocahe ayu, sapa sing weruh mesthi seneng
lan pingin nyawang terus. Saben sore Zahrina mesthi dolan menyang kebun teh,
mangkate ora karo mbak Yumi maneh nanging karo Gusti. Zahrina wis ora katon
kesusu kepingin bali menyang kutha. Wis ora nyebut pacare lan wis ora ngapusi
yen ana tugas kuliah. Yen disawang uga tambah akeh meseme. Apa Zahrina kepencut
karo Gusti, apa ya Gusti jodhone Zahrina, apa ya Zahrina bakal urip salawase
ning desa. Gusti uga bocahe sopan, seneng karo bocah-bocah cilik, kerep dolan
menyang omahe simbahe Zahrina, guneman karo simbahe, dolanan catur karo pak
Abidin lan ngegame karo Tomi.
“Zahrina, sanadyan aku wong desa, ora gaul kaya awakmu,
nanging atiku tulus, apik, tresna karo awakmu…gelem apa ora kowe dadi pacarku?”
Omongane Gusti wingi bengi nggawe Zahrina ora bisa turu.
Mau esuk pacare sing ning kutha ngejak seriusan lan arep ngrembug pepacangan iki
karo wong tuwane yen Zahrina wis bali menyang Jakarta maneh. Gusti wonge pancen
apik. Zahrina bolan-balen nyalahake awake dhewe, krasa yen namung menehi
pangarep-arep palsu kanggo Gusti lan nyelingkuhi
pacare dhewe, Dimas sing ana kutha. Yen ditakoni bab ati, Zahrina ora bisa
milih seneng Gusti apa Dimas. Saiki ning desa sing nyenengake Zahrina pancen
Gusti, nanging mbiyen lan mengko yen bali menyang Jakarta, sing bakal ana uga Dimas. Zahrina
durung crita bab pacare Dimas sing ana ning kutha. Kepriye Zahrina nerangake
bab iki karo Gusti. Wektune mangsuli pitakonane Gusti tinggal sedina maneh. Pak
Abidin sakulawarga uga arep bali menyang Jakarta rung dina maneh. Galau.
Tembung sing trep kanggo nggambarake perasaane Zahrina saiki.
Kemangka Gusti wis reti kabeh ngenani Dimas saka Tomi
adhine Zahrina, sore iki Gusti tetep teka kanggo ngrungokake wangsulane
Zahrina. Kebon teh sing maune arep disulap dadi taman surga, ora dadi merga
Gusti wis reti sing sebenere. Bareng lakune Zahrina katon saka kadohan, Gusti
jumeneng. Lorone wis padha pandheng-pandhengan, Zahrina arep ngomong dhisik,
nanging Gusti uga arep ngomong. Gusti ngomong yen Zahrina katon ayu banget dina
iki. Gusti siap ngrungokake wangsulane Zahrina. Zahrina merem sedela lan nahan
napase banjur…
“Gusti, aku ora munafik aku ana rasa karo kowe selagi aku
ning kene. Kowe nggawe aku ngguyu lan seneng. Nanging aku ora bisa dadi pacarmu
lan pepacangan karo awakmu. Aku nyuwun pangapura, aku ora nduwe ancas kanggo
sekedar dolanan apa istilahe mempermainkamu Gus. Rasa iki memang ana,
aku…aku…wis nduwe pacar Gus ning kutha…jenenge…Dim …”
“Dimas…aku wis reti kabeh Rin. Aku seneng yen kowe
nyatane bisa seneng karo aku, merga kahananmu sing wis nduwe pacar lan kudu
urip ning kutha…aku namung kuciwa keneng apa wektu nyedhaki kowe, kowe ora
jujur ngomong karo aku yen kowe wis nduwe pacar jenenge Dimas?”
“Aku ora saguh Gus…merga aku ngerti kowe wonge apikan, seneng
karo aku tenanan.”
“Ya wis. Aku seneng kowe gelem jujur karo aku. Aku njaluk
kowe aja lali marang aku ning desa.”
“Aku nganggep kowe pacarku ning desa Gus. Matur nuwun lan
maaf kanggo kabeh salahku.”
Zahrina lan Gusti padha salaman lan sikepan. Gusti bakal
sedih ditinggal Zahrina menyang kutha. Ana pikiran iri karo Dimas sing bisa
dadi pacare Zahrina. Nanging kabeh kersane Gusti Allah, manungsa namung
nglakoni apa sing wis dadi garis uripe. Zahrina aku pacarmu ning desa…batin Gusti.
Sawise rampung omong-omongan, Zahrina lan Gusti lungan nyepedha. Lorone mandheg
ning pinggir dalan nonton sileme srengngenge. Zahrina lan Gusti tukeran barang
kanggo kenang-kenangan. Zahrina nggawa kalunge Gusti, dene Gusti nyimpen syale
Zahrina.
Kabeh wis padha mlebu mobil, Zahrina sing ning pinggire mobil
durung sida mlebu. Dheweke ngenteni Gusti, keneng apa Gusti ora teka kanggo
ngucapake salam pisahan. Dumadakan ana bocah cilik njawil Zahrina lan ngenehake
selembar jluwang, tulisane : Zahrina…aku bakal kangen
kowe. Ayo cepet lunga, aku ora bakal teka mrono, aku ora saguh weruh kowe
lunga. Love you…
“Gus…ti…Gusti…”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar