Bu
Maryam :
“Halo,
Assalamualaikum…”
Bu
Keke :
“Halo,
Wa’alaikumsalam…”
Bu
Maryam :
“Bu,
panjenengan sakmenika wonten kantor ?”
Bu
Keke :
“Inggih
Bu, wonten punapa?”
Bu
Maryam :
“Kula
mboten
saged mimpin rapat mangke siang.”
Bu
Keke :
“Lho,
wonten punapa Bu?”
Bu
Maryam :
“Budhe
kula ingkang wonten Jogja seda…”
Bu
Keke :
“Innalillahi
wainnailaihirajiun….kapan budhene panjenengan seda Bu ?”
Bu
Maryam :“Wau
enjing”
Bu
Keke :
“Lajeng
panjenengan badhe mrika kapan ?”
Bu
Maryam :
“Kula
sakulawarga budhal Jogja siang menika”
Bu
Keke :
“Oh..kados
mekaten”
Bu
Maryam :
“Kula
nyuwun panjenengan nggentosi kula mimpim rapat nggih…”
Bu
Keke :
“Punapa
rapat mangke siang jam 1?”
Bu
Maryam :
“Nggih
leres…”
Bu
Keke :
“Punapa
kemawon saking ibu ingkang badhe dipunandharaken….”
Bu Maryam :“Mekaten
Bu, panjenengan andharaken babagan foto E-KTP. Panjenengan ngendikana kaliyan para lurah menawi foto
E-KTP badhe dipunwontenaken kinten-kinten kalih minggu malih.”
Bu
Keke :
“Inggih
Bu, mangke kula andharaken wonten salebetipun rapat supados para lurah
wara-wara kaliyan warganipun.”
Bu
Maryam :
“Inggih
sampun Bu, mekaten kemawon…”
Bu
Keke :
“Panjenengan
kondur saking Jogja dinten menapa?”
Bu
Maryam :
“Ngenjang
sonten kula sampun dugi Semarang.”
Bu
Keke :
“Inggih
sampun Bu, ngatos-atos…”
Bu
Maryam :
“Inggih
Bu, matur nuwun sanget… Assalamualaikum…”
Bu
Keke :
“Wa’alaikumsalam….”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar