Jumat, 27 Juni 2014

Cerkakku 4


PERAWATKU  AYU

Para dokter lan perawat padha kumpul persiapan kanggo operasi ning ruang UGD. Kasus operasi iki bocah umur limang taunan sing nduweni penyakit kanker. Ana dokter ahli bedah, dokter khusus penyakit njero, dokter anak lan saperangan perawat. Wong tuwane bocah iki lan kabeh kulawargane padha nunggu ning njaba. Ana praupan sedih lan was-was. Dibo, jenenge bocah sing nduwe penyakit kanker kuwi. Bocahe bagus, pinter lan cekatan. Dibo anak siji-sijine saka pasangan bapak Yudi lan bu Tanti. Sawetara sejam setengahan para dokter padha metu, perawat ngresiki piranti sing isih kececer ning njero ruangan. Kringet kemucur saka dokter Syamsul, dokter anak sing ngawasi Dibo.
“Kepriye pak dokter kahanane anakku”
“Mangga menyang ruangan kula pak…bu…”
Langkah sing krasa ketar-ketir, kepriye jan-jane kahanane Dibo.
“Mekaten pak…bu…kankere Dibo sampun saged dipunpendhet. Nanging kahanane Dibo lemah sanget, amargi medhalaken getih kathah, kula nyuwun pasokan golongan darah jenis A, menawi saged mangke dalu langsung didonor, menawi boten wonten rumah sakit nggadhahi, sumangga panjenengan matur kaliyan perawat ingkang njagi Dibo. Pak…bu…sedaya gumantung kaliyan Gusti Allah, pihak rumah sakit sampun ngupayakaken sedaya ingkang paling sae kangge Dibo putrane panjenangan.”
Tanpa wangsulan apa-apa pak Yudi lan bu Tanti langsung metu saka ruang dokter lan mlaku alon-alon menyang panggonane Dibo. Ning kana ana perawat siji sing lagi nunggoni Dibo. Pak Yudi lan bu Tanti ngucapake matur nuwun karo perawat kuwi sinambi njaluk tulung supaya ngurusake tambahan darah kanggo Dibo. Pak Yudi uga nyuwun supaya terus njaga Dibo yen wong tuwane ora bisa ana ning sandhinge. Sawise apa sing dadi tugase Dinda, perawat sing nduweni misi nggawe senenge pasien iki wis dingerteni, dheweke banjur lunga metu saka ruangan lan enggal nemoni dokter syamsul kanggo nyerahake laporan operasi mau.
Dokter syamsul katon wis kesel, dheweke lagi beres-beres arep bali. Dinda mlebu karo mesem manis, nyerahake laporan operasine.
“Kowe wis mangan, ayo mangan…dhewe wis suwi ora mangan bareng, gayane ning sms, sampun dhahar mas…yen diajak mangan bareng ana wae alesane.”
            “Mas Syamsulku sayang, aku lagi ana gawean lemburan…panjenengan dhahar piyambak nggih?”
Syamsul lan Dinda senengane guyonan wae, sanadyan lorone pepacangan wis nganti setaun luwih, nanging yen prakawis prakaryan tetep prefesional.
Esuk-esuk Dinda wis mangkat bareng lan sarapan bareng karo Syamsul. Dumadakan ana sms saka pak Yudi bapake Dibo. Isine dina iki tulung kancani bu Tanti sing njaga Dibo dhewenan ning rumah sakit, pak Yudi ana gawean ning luar kota ora bisa ngancani Dibo. Dinda langsung mangkat menyang rumah sakit, Syamsul nesu keneng apa pasien mesthi gawe kencane karo Dinda bubar kabeh. Seminggu saka dina operasi, Dibo sansaya tambah parah, Dinda sing ngancani saben dina nganti njaluk tulung bola-bali karo pacare Syamsul supaya nglakoni apa sing bisa nggawe Dibo sehat.
Setengah pitu esuk, Dibo divonis umure ora ana sesasi maneh. Dibo ngduweni kepinginan jalan-jalan karo bu perawat ayu Dinda lan pak dokter ganteng Syamsul. Syamsul gedheg-gedheg karo nyawang Dinda, Syamsul ora tahu katon cedhak bareng karo Dinda ning rumamh sakit, amarga dheweke jaim banget, ora ana warga rumah sakit sing reti yen dokter Syamsul lan perawate Dinda ana ikatan pepacangan bakal arep tunangan, kejaba kanca cedhake Dinda jeneng Wati lan pak satpam rumah sakit sing kerep mergoki Syamsul lan Dinda sak mobil bareng.
Sawise Dinda ngrayu Syamsul, pungkasane Syamsul gelem. Wektu jam kerja ana sing kosong, wong telu kuwi lunga menyang taman dolanan ning pusat kutha. Dibo lan Syamsul katon akrab banget, kaya bapak lan anake. Ning komedi putar, Dibo njaluk Dinda lan Syamsul uga melu numpak. Arep nolak nanging uga ora kepenak, banjur gelem numpak komedi putar bareng-bareng. Dinda ora pernah numpak komedi putar karo Syamsul, bareng ana Dibo bisa ngrasani jalan-jalan bareng. Wayah sore bali menyang rumah sakit, Dibo takon apa ya dokter Syamsul seneng karo perawat Dinda? Syamsul lan Dinda ngguyu bebarengan. Durung sempet Syamsul nyumauri pitakonane Dibo, Dibo wis celathu dhisik.
“Perawat Dinda pacare Dibo…perawat Dinda sing paling ayu…ora ana sing bisa ngalahake tresnane aku marang perawat Dinda…yen pak dokter tresna karo perawat Dinda, kudu tresna tenanan aja gawe perawat Dinda nangis…”
Krungu omongane Dibo sing isih cilik, Syamsul sadar yen Dinda bener-bener dadi gegantelaning atine. Ora bakal dhewene gawe tangise Dinda. Sedina sawise jalan-jalan Dibo koma, kabeh padha panik. Dinda lan Syamsul wis nganggep Dibo kaya anake dhewe, ora lila yen kelangan, padha rasane kaya pak Yudi lan bu Tanti.  Sejam ngenteni kasile priksa, Dibo wis ora ana. Kabeh padha tetangisan, Dinda ora bisa nahan tangise, awake lemes kabeh arep tiba banjur disikep Syamsul. Saiki Syamsul luwih romantis lan tambah tresnane karo Dinda. Saisi rumah sakit, saka pasien, dokter, nganti satpam ngerti yen Syamsul pacare perawat Dinda sing ayu kae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar