Jumat, 27 Juni 2014

Cerkakku 5


AKU LAN KOWE,
APA BEDANE?

“Aku dudu kowe…aku bedha karo kowe…nanging aku kancamu, aku lan kowe padha, padha manungsane, manungsa sing bisa ngupaya kanggo uripe…”
Rian~Beni

Beni bocah umur 16 taun sing ora tamat SMP merga ora saguh bayar SPP, saiki kerja ana ning bengkel ngrewangi pak dhene, kadang wayah sore ngamen ning abang ijo, sangu gitar cilik lan topi. Mangan sakanane, syukur bisa nambahi dhuit ibune kanggo tuku-tuku beras lan gula teh. Umur 7 taun Beni wis dadi anak Yatim, mulane saiki Beni wis biasa ngluru dhuit dhewe lan urip susah.
Seje karo Rian, bocah sakpantaran karo Beni sing pinter lan saiki isih sekolah kelas siji  SMA. Rian anake wong sugih, bapake manajer ning salah sawijine perusahaan ning kutha Jakarta, ibune nduweni toko klambi utawa distro sing lumayan gedhe. Apa sing dipingini Rian bisa katurutan, apa maneh Rian iki penyakitan, dheweke nduwe lara asma, kerep kumat yen sekolah, amarga sering kumate Rian dadi disekolahake ning omah alian home schooling. Kemangka sugih lan pinter, Rian ora seneng, ora bisa urip bebas kaya kanca-kanca liyane, apa maneh sawise ketemu Beni, pingin rasane uripe kaya Beni.
Sore iki Rian lunga menyang bonbin karo supire. Wis diwekasi karo wong tuwane Rian yen saben minggu Rian kudu refresing, jalan-jalan. Nanging jalan-jalane karo pak supir, merga wong tuwane Rian padha sibuk dhewe-dhewe. Ning tengah dalan, mobil sing ditumpaki Rian mogok, kudu mlebu bengkel, bengkel sing dileboni bengkele pak dhene Beni. Nalika Rian wis sumpek pingin bali, arep nyegat taksi. Dumadakan Rian weruh Beni sing lagi mbiyantu tukang bengkel liyane, disengeni mrana mrene merga salah jupuk piranti kanggo ndandani mobile Rian. Beni mlayu metu numpak bemo. Rian sida nyegat taksi.
Ning dalan Rian weruh ana wong promosi bubur ayam gratis, merga saking senenge karo bubur ayam Rian mudhun saka taksi. Wong sing dodol kuwi nawani sapa sing bisa ngentekake sepuluh mangkok bubur 15 menit, bakal entuk dhuit satus ewu. Rian ngacung lan njagong ning kursi sing wis disediani. Rian kaget nalika ning sisihe wis ana wong lanang saumure padha wae arep melu tantangan iki. 14 menit Rian wis ngentekake sangang mangkok bubur ayam, dene Beni nembe 8. Lorone padha kebut-kebutan, kepingin menang.
15 menit entek, Rian lan Beni kewaregen mangan 10 mangkok bubur ayam. Lorone golek ombe bareng lan njagong ning pinggiran toko.
“Kowe hebat bisa ngalahake aku, biasane aku melu tantangan iki mesthi menang, nembe iki aku kalah, kalah karo kowe…oh ya aku Beni…”
“Aku nembe sepisan iki melu lomba mangan ning pinggir dalan…aku Rian…”
Saka cara omongane, Beni reti yen Rian wong sugih. Rian uga ngerti yen Beni wong susah.
“Hadiah iki kanggo kowe…” Rian nyadongake dhuit satus ewu kasile lomba mau.
“Keneng apa kok kanggo aku, sapa sing menang kuwi sing entuk hadiah…”
“Aku reti kowe luwih butuh saka aku…”
Krungu wangsulane Rian, Beni meneng sedela lan celathu.
“Aku memang mlarat lan luwih nemen butuh dhuit kuwi, nanging aku ora bakal njaluk apa sing dudu dadi hakku. Matur nuwun. “
Sawise mangsuli kaya mengkono mau Beni lunga, Rian ora bisa ngomong apa-apa, nembe iki dheweke nemoni wong kaya Beni.
Minggu esuk Rian jalan-jalan menyang kampung-kampung, kepingin weruh kahanane wong sing jare kanggo mangan wae angel, Rian pingin weruh ngangga mripate dhewe. Dumadakan ning pojok gang sempit Rian weruh Beni lagi mlaku karo wong wadon umur 50 taunan, mlakune wis radha kangelan. Rian ora sadhar mbuntuti Beni lan ibune saka kadohan nganti tekan puskesmas.
Rian ngetuti Beni nganti tekan omah maneh., sing maune menyang pasar, apotik, lan warteg. Ora krasa sedina-dina anggone Rian ngamati Beni. Bareng arep bali, Rian dicegat Beni ning tengah dalan. Pungkasane lorone jagongan ning angkringan karo nyruput kopi lan gorengan.
“Ngapurane sadurunge, aku mbuntuti kowe sedina iki, nanging ora ana niat jahat apa-apa, aku naming pingin ngerti uripmu sing nyenengakae iki…”
“Nyenengake? Keneng apa kowe nyebut uripku nyenengake? Aku sing njalani uripku…aku ora krasa seneng.”
“Kowe kudu nyukuri uripmu saiki Ben, kowe seneng ora kaya aku, wong tuwaku pancen sugih, kabeh bisa aku tuku, nanging aku ora bisa dolan mrana mrene kaya kowe merga aku penyakitan, aku bisa sekolah nanging aku ora nduweni kanca, wong tuwaku isih urip nanging ora tau ana wektu kanggo aku…”
Beni meneng sedela, ngrasani yen ora mung dhewene sing uripe susah, sing pingin nduwe dhuit akeh. Sing dhuite wis akeh uga tetep krasa uripe susah, pancen Gusti kuwi adil, manungsa wae sing ora tau nyukuri uripe.
Kekancanane Rian lan Beni sansaya raket. Rian ngerti kanthi gamblang uripe Beni, uga suwalike. Yen Beni butuh dhuit, Rian siap nyelangi, yen Rian lara ning rumah sakit uga Beni siap ngancani. Rian uga kerep sinau bareng karo Beni, lorone uga wis ngrancang arep bukak bisnis bareng.   Kanggo masalah wong wadon, Rian lan Beni nduwe tipe sing beda, nanging ora sithik asring lara ati, sing pungkasane uga malah kanggo guyonan lorone. Rian lan Beni dadi kaya kang mas lan adhine. Ibune Beni bisa kerja ning tokone ibune Rian. Malah ibu-ibu iki katon rukun, ibune Rian sinau akeh saka ibune Beni ngenani tanggungjawabe dadi ibu. Beni lan Rian, lorone tambah bisa nyukuri uripe saiki lan semangat anggone nglakoni urip. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar