SANTI, SISWANTI, LAN
SISWANTA
Percaya aku…kuatna atimu…
Cah ayu…entenana tekaku…
Cah ayu….entenana tekaku…
Siswanti
lagi nyanyi tembange Didi Kempot judule Layang kangen ning kamare. Swarane
nganti njaba omah, keprungu dening bapak ibune sing lagi jagongan ning teras. Siswanta,
sedulur kembare Siswanti, nembe wae bali sekolah.. Santi mbakyune Siswanti lan Siswanta arep bali dina iki saka Jakarta.
Pak Jupri lan Bu Saripah pancen wis sepuh, Pak Jupri umure 75 taun dene Bu
Saripah 5 taun ning ngisore. Santi dadi tumpuane kulawarga, ngragati kabeh
butuhe kulawarga.
“Coba
belen mbakyumu, wis tekan ngendi ?”
“Nembe
sms Bu, jare wis tekan Semarang. Lagi numpak angkot menyang Gunungpati.”
Dunadakan
ana swara salam saka kadohan.
“Assalamualaikum…”
“Waalaikumsalam…,
lho jare adhimu lagi ning angkot mau?”
“Ya
Pak, kuwi mau saiki wis tekan.”
“Wah
anakku pambarep wis prawan pisan…suwi ora ketemu…”
Santi
ngrangkul ibu lan bapakne…ngelus gegere…atos…nggambarake atosing urip. Siswanti
sing saka mburi nggawa wedang kanggo mbakyune ora bisa nahan tangise.
“Keneng
apa kok nangis? Kangen karo aku?”
“Ya
mbak…”
“Kowe
kelas telu SMP kan? Kapan ujiane ? arep nerusna ngendi?”
“Mbuh
mbak…lagi bingung…”
“Ora
susah bingung…ngko kowe karo Siswanta bakal tak sekolahake aku, bocah loro ora
susah khawatir…sinau wae ben dadi bocah sing pinter.”
Kamar
ngarep sing biasane kosong kanggo pirang dina iki bakal ana isine. Siswanta ngusungi
tas-tase mbakyune menyang kamar kuwi. Saka gunemane Mbakyune karo wong tuwane,
Siswanta lan Siswanti ngerti yen mbak Santi bakal pindah menyang Kalimantan
melu mas Didik bojone sing dipindhah tugasi neng kana. Katon praupan sedih saka
pak Jupri lan bu Saripah, nanging apa sing bisa dadi alesan kanggo nyegah anake
supaya ora melu menyang Kalimantan.
“Mas Didik ora bisa melu bali merga ora bisa ninggal
gaweane pak…bu…nyuwun ngapura karo bapak lan ibu, saha nyuwun donga pangestu kanggo
aku lan mas Didik…”
“Ora ngapa San, pangestune bapak lan ibu mesthi ana
kanggo kowe…pesene bapak, sing ngati-ati ana panggonane wong liya…dadia bojo
sing sholehah…yen kapan bali mrene kudu wis nggawa putu kanggo simbahe ya…”
Kabeh
padha tangisan, sedih arep pisah sawetara wektu, mbuh kapan bisa weruh maneh,
sanadyan saiki teknologi wis canggih, duet bisa dikirim sedela langsung wis
tekan, kirim kabar uga bisa lewat Email, facebook lan sejenise. Nanging apa ya
ibu lan bapakne arep dolanan facebook lan Email, sing dipingini weruh anake
kwarasan katon prawakan gedhe dhuwure.
Limang dina Santi neng omah, wis wayahe mangkat menyang
Jakarta, dheweke kudu packing nyiapake apa wae sing kudu digawa kanggo urip
ning Kalimantan. Ning omah ibune wis nguatna atine lila legawa Santi lunga adoh
menyang Kalimantan. Bareng Santi nglangkah metu, sungkem karo bapak ibune,
tangisan ngiseni omah iki. Ibune dikon turonan wae ning njero kamar, sawise
ojek sing disewa Santi wis ora katon wujude, lunga nggawa anake sing pambarep
menyang kutha adoh.
Santi kirim kabar menyang kampung sesasi pisan, sakliyane
kirim layang uga kirim duet kanggo ngragati sekolah Siswanta lan Siswanti. Leloron
bakal mlebu kuliah, nanging ora padha gelem yen sak universitas. Siswanta
nduweni papan kuliahan sing wis dadi incerane. Siswanti ya uga ngono.
Pendaftarane kuliah bakal dibukak minggu ngarep sawise pengumuman ujian.
Minggu-minggu iki, Siswanta lan Siswanti jarang ning omah, lorone padha sibuk
ngurusi persyaratane kanggo daftar kulliah. Pak Jupri lan Bu Saripah krasa yen
ora bisa mbiyantu anak-anake padha ngurus kuliahe, amarga namung tamatan SD lan
wis tuwa kaya ngene sing bisane apa, namung ngrusuhi.
Jam setengah sanga bengi, Siswanta lan Siswanti wis padha
mlebu kamare dhewe-dhewe. Mau isuk bocah loro kuwi padha nukoni piranti kanggo
kuliah, saking kesele biasane wayah semene lagi padha grumungan ning ngarep TV
saiki wis padha mlebu kamar. Bu Saripah sing nembe rampung nggawe teh anget
kanggo pak Jupri melu turon ning sisihe.
“Pak…”
“Apa bu…”
“Apa dhewe iki anake kurang akeh? Rasane sepi, apa maneh
yen Wanta lan Wanti lungan arep ngguru ilmu.”
“Ya kaya ngene iki bu, dadi wong tuwa sing wis tau
enom…aku ora bisa nyegah bocah sing arep mabur dhuwur…”
“Yen Siswanta lan Siswanti ora kembar, apa Siswanti gelem
tunggu omah kene ngancani aku lan sampeyan pak…”
“Bu, kabeh kuwi kuasane gusti Allah, syukur dhewe nduwe
anak sing bisa kuliah, ora kaya dhewe sing namung ngrasani SD.”
“Apa bapak ora krasa sepi yen bocah-bocah wis ora padha
ning omah?”
Pak Jupri ora nyumauri kandhane bu Saripah, keturon
nganti ngesuk. Siswanta lan Siswanti deg-degan ngenteni pengumuman ujian.
LULUS. Tulisan kuwi gamblang katulis ning selembar jluwang sing dikirim pak
pos. Siswanta lan Siswanti jingklakan kesenengen. Siswanta mangkat menyang
Jogja kanggo melu tes mlebu kuliah, dene Siswanti wis jelas ketampa ning
sawijining universitas ning Solo, ora nganggo tes, nanging nganggo biji rapot. Siswanti
pancen luwih pinter saka Siswanta. Lungane Siswanta sawetara telung dina.
Ambune rumah sakit nggawe Siswanti kepingin lunga menjaba
saka ruangan. Telung dina iki Siswanti lan ibune tunggu bapake sing lagi lara
ning rumah sakit. Bareng Siswanta wis bali saka tes ning Jogja, dheweke
langsung menyang rumah sakit. Weruh ibune awake radha ora penak, Siswanta
ngongkon Ibune lan Siswanti bali ngomah wae. Sawise dokter ngomong yen pak
Jupri kena struk, bu Saripah lan Siswanti bali kanthi luh brebes mili ning
pipine. Seminggu ning rumah sakit, pak Jupri digawa ngomah arep dirawat jalan.
Siswanti cerita yen mbak Santi gaweane saiki wis sepi, akeh saingane, mas Didik
uga gajine kanggo nyukupi kebutuhane dhewe wae wis pas-pasan.
Tambah dina pak Jupri tambah lara, esuk dina Jum’at bu
Saripah wis nangis gemboran disanding Siswanta lan Siswanti. Pak Jupri ora ana,
bapake seda. Santi ora bisa bali dina iki, dheweke ora weruh bapake sing kaping
pungkasan. 14 dina saka sedane bapake, Jupri diterima kuliah ning Bogor.
Sewulan maning Siswanta lan Siswanti kudu menyang universitas saperlu kuliah
perdana lan registrasi. Siswanti ora saguh weruh kahanane ibune sing kaya
ngono, apa maneh sawise ditinggal bapake. Bu Saripah bener-bener wis ora bisa yen urip dhewe,
saben dina Siswanti uga kudu ngrumati ibune, Siswanti ora saguh ninggalake
ibune dhewe.
“Kowe arep nggawa apa kanggo sangu ngesuk?”
Siswanti ora mangsuli pitakonane ibune, luhe mung mili
brebes. Ibune bingung keneng apa kok anake nangis. Siswanta diundang kon
njagong ning ngarep TV.
“Bu, ben Siswanta wae sing kuliah, aku ben ngrumat ibu
neng kene, ibu dhewenan, ibu ora bakal bisa urip tanpa aku, ibu wis sepuh…”
Siswanta lan ibune padha mbrambang. Ibune nyoba ora
nangis, nanging ora bisa.
“Apa kowe lila, ngrumat ibu, lila ora ninggal
kuliahmu…kowe wis ketampa…”
“Ibu luwih wigati kanggo aku, Gusti paring dalan liya
sing bisa gawe aku ngrasani urip bu, kuliah papan kanggo aku golek rejeki,
Gusti mesthi paring aku dalan sing luwih apik…aku ora bakal ninggal ibu
dhewenan.”
Siswanti lan ibune ngeter Siswanta menyang terminal.
Ibune njaluk supaya Siswanta bisaa bali telung pisan disempet-sempetna.
Siswanti njaga ibune sing wis sepuh ning omah. Santi lan Siswanta uga sregep
kirim kabar maring omah. Meneng-meneng Bu Saripah wis nitipakae Siswanti karo
anake pak lurah. Gilang putrane pak lurah wis pernah wani ngrembug yen dheweke
seneng karo Siswanti. Bareng Siswanti krungu kabar iki, dheweke radha seneng
nanging ya radha kuciwa, keneng apa dheweke ora dikabari ndhisik. Gilang pernah
dadi cinta monyete Siswanti wektu cilik. Bu Saripah ora wedi ditinggal anake maneh,
merga yen Siswanti dadi bojone Gilang, uripe uga tetep ning kene. Gilang magawe
ning kantor kabupaten minangka sekretaris bupati. Gilang uga janji yen bakal ngayahi
lan nggawe seneng Siswanti lan ibune. Siswanti nyadar yen Gusti mesthi nduweni
cara kanggo makhluke, Siswanti nyukuri apa sing dadi uripe saiki, malah luwih
seneng tinimbang kuliah, bisa nyanding wong tuwane, bisa dadi ibu rumah tangga
sing diajeni bojone lan urip tentrem ning ndesa ora grusah-grusuh kaya ning
kota.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar