A. Menyimak
(Ngrungokake Wara-Wara)
WARA-WARA
Wara-wara iku ngawujudake
piranti kanggo manehi ngerti marang bebrayan agung ngenani bab apa bae, bisa
babagan prastawa susah utawa prastawa bungah. Umpamane bisa babagan arep
nganakake lomba, bisa arep nganakake gotong royong, nganakake rapat, lan
liya-liyane.
Carane menehi wara-wara
bisa kanthi lesan (kagiyarake ing tv, radio, media elektronik liyane) utawa
tulisan (kang kapacak ing kalawarti, ariwarti, utawa ditemplekake ing pinggir
dalan utawa ing papan kang wis dicawisake. Bab-bab sing kudu digatekake supaya
wara-wara kuwi entuk kawigaten yaiku.
1. isine cekak (singkat)
2. gamblang (jelas)
3. mencutake (menimbulkan
rasa ingin)
4. padhet (padat)
5. nyata.
Kang baku kudu ana
sajroning wara-wara yaiku : kanggo sapa, isine apa, lan saka sapa. Dene
perangane wara-wara kang umume ana yaiku ing ngisor iki.
1. Judhul utawa
irah-irahan
2. Adangiyah utawa salam
taklim
3. Bebuka utawa pambuka
4. Surasa basa utawa isi
wara-wara
5. Wasana basa utawa
panutup
6. Panggonan lan titi
mangsa
7. Paprenah utawa jabatan
8. Tapak asma utawa tandha
tangan
9. Asma terang kang menehi
wara-wara
Ing ngisor iki tuladhane wara-wara.
Wara-Wara
Para siswa anyar kelas X kabeh didhawuhi ngumpul ing:
dina/tanggal :
Selasa, 15 Juni 2014
wanci :
tabuh 14.30 WIB
panggonan :
Aula sekolah
kaperluan :
ngrembug bab pranatan kelas anyar
Amarga sing dirembug babagan pranatan sekolah, mula
kanggo para siswa anyar kelas X, prayogane kabeh kudu teka ing patemon iki.
Semarang, 10 Juni
2014
Kepala Sekolah SMA 1
Kajen,
Drs. Edi Haryono
NIP. 1268435325000
Tidak ada komentar:
Posting Komentar