Minggu, 22 Juni 2014

Materi Berbicara Kelas X Semester 1 (Piwulang 1)


B. Berbicara
(Guneman Nganggo Parikan utawa Wangsalan)

Parikan lan wangsalan iku kalebu kabudayan Jawa. Parikan yaiku unen-unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapisan pocapane padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho.  Gatra kapisan minangka purwaka, dene karepe ing gatra kang kapindho.
Tuladhane parikan :
v Manuk tuhu, mencok pager
Yen sinau, dadi pinter.
v Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik sing prasaja.

Wangsalan yaiku unen-unen awujud cangkriman dikantheni batangane pisan, sanadyan batangan mau amung nyrempet wae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane.
Tuladhane wangsalan :
v Aja njenang gula gula lho, Ndhuk !
(jenang gula : glali, dadi lali)

v Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yan disapa.
(balung klapa : bathok, dadi ethok-ethok)

Tuladha guneman nganggo parikan lan wangsalan.


  Yuni    : “Sar, liburan iki sida arep dolan bareng menyang Pekalongan ora?”

  Sari      : “He…aku ora bisa melu. Aku ana acara…penting ing Jakarta !”
         Yuni    :”piye Sar, lha nek ngono, cengkir wungu, wungune ketiban daru. Wis pesthimu, kowe      uwal karo aku. He…Sar, iki tenan apa guyon….?”
   Sari      :”Lho ya tenan, sueeerrrr…. Serius…! Balung krambil. Bab iki ora ethok-ethok.Yun, apa       dolane diundur wae, ben aku bisa melu?”
   Yuni    :” Mengko gek abang-abang ora legi. Tiwas digadhang ora nekani.”
   Sari      :”Ora, aku mesthi teka. Wong aku wis mulih saka Jakarta.”
   Yuni    :”Ya wis, ngko tak kabari maneh.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar