Jumat, 27 Juni 2014

Sinopsis Ketoprak Lakon "Damar Wulan Ngratu, Minak Jingga Lena."


Damar Wulan Ngratu, Minak Jingga Lena

Musyawarah agung nembe kemawon kalampah wonten prajan Majapahit. Sesepuh, para nayaka lan sentana ngrembug bab kekomplangan ing Prajan Majapahit tuwin dadi paseksen anggone Kencana Wungu nduweni jejulug Sri Sobasiti Yodyah Ayu Kencana Wungu. Panjenengane ngangkat pepatih dalem kanthi asma Patih Lugender. Ratuning prajan Majapahit nyuwun agunging matur nuwun dumateng sedaya saka guru prajan Majapahit kadasta Patih sindurareja,adipati Konjar,Patih Lugender saha putranipun Layang Seta lan Kumitir ingkang sampun ngayomi kaliyan nata ketentraman Majapahit. Patih Lugender maringi kapitadosan kaliyan Ratu Majapahit Kencana Wungu ngenani putranipun sakloron ingkang bakalan saguh ngrampungi musuh mancanegara ingkang samangsa-mangsa merangi Prajan Majapahit.
Salebeting musyawarah agung punika,rawuhipun Wurubisma wonten Prajan Majapahit damel gegering saisi panggonan. Wurubisma badhe nagih janji bab ganjaran wohing patembaya mejahi kebo macuit kala rumiyin dhek jaman Raja sakderengipun Kencana wungu. Ganjarane dipundhaupaken kaliyan Kencana Wungu. Wurubisma kepingin Kencana Wungu puruna dipunboyong dhateng kadipaten Blambangan. Ananging Kencana Wungu boten kersa. Wurubisma pedes ing ati,piyambakipun janji badhe mungsuhi Majapahit,mejahi sedaya senapati Majapahit ingkang ngalangi lampahe. Wadya balaning kadipaten Blambangan gawe geger ing wewengkon prajan Majapahit, wasana kedaden perang. Prajurit padha tanding lan gugur ing palagan. Patih Sindurareja ingkang mimpin palagan uga gugur dipunpejahi Wurubisma.
Senapati Ranggalawe salah satunggaling senapati Majapahit ingkang manggen wonten kadipaten Tuban taksih anglakoni semedi. Kasile semedi ngenani jejibahan kangge piyambake supados mbrasta mungsuhipun Majapahit,ananging piyambake bakal pinundhut minangka dadi jangkeping para dewa ana ing kahyangan Syailendra menawi saged mejahi Wurubisma utawa Minak Jinggo. Saderenge Ranggalawe mandhap saking panggonanipun semedi,garwane, ibu Riskati rawuh maringaken nawala saking Kencana Wungu,isinipun Majapahit mbetahaken Ranggalawe kangge nglawan Minak Jinggo. Ibu Riskati ngupaya ngalangi budhale garwane lan nyritakaken ngenani mimpine,ingkang isinipun ibu Riskati meteli melati wonten Tamansari,melati punika badhe dibeta Ranggalawe dhateng Majapahit,nanging melatine dipunsambar dening gagak ageng. Ranggalawe lumayu ngejar gagake,nanging sangsaya ical. Icalipun gagak bebarengan kaliyan icalipun Ranggalawe. Ibu Riskati ajrih menawi mimpi punika wonten gegayutane kaliyan jejibahan garwane. Ranggalawe uga boten bakal damel cuwaning Kencana wungu lan damel Majapahit tupes tilas tanpa bekas dening Wurubisma Minak Jinggo. Ibu Riskati nyuwun panjenengane Ranggalawe atos-atos anggene nglakoni jejibahan punika.
Abdinipun Ranggalawe,Mangsapati,dipuntimbali supados mbedol Songsong Tunggul Naga saking plangkane kangge tandha wiwit dinten punika Ranggalawe mangsuh yudha musuh dipati Blambangan. Ananging Mangsapati boten nyaguhi. Wasana Ranggalawe ingkang mbedol Songsong Tunggul Nagane. Salajengipun Ranggalawe kaliyan Mangsapati budhal dhateng Blambangan badhe mejahi Minak Jinggo. Budhalipun Ranggalawe sesarengan kaliyan rawuhipun putrane. Ibu Riskati kaliyan kalih putrane badhe ambutut nyusul Ranggalawe. Ranggalawe tinemu Minak Jinggo,lan ndawuh supaya ngrampungi palagan punika. Minak Jinggo boten purun mandheg saderengipun saged mboyong Kencana Wungu. Perang antarane Minak Jinggo lan Ranggalawe saking panggonan siji marang panggonan sanesipun ninggalaken agemanipun Rangga lawe. Ibu Riskati kaliyan putrane sakloron tetangis semurup ageman sing mesthi ketinggal.
Setengahing palagan,Mangsapati gugur merga kepanah panah sektine Minak Jinggo Nacabala lan piyambake nyuwun mbenjang putune dipunparingi asma Srihuning kepatuh. Ranggalawe lumayu ngejar Minak Jinggo. Lagi perang lan saguh arep mejahi Minak Jinggo panjenengane dadi patung lan ical mabur dados jangkeping para dewa. Ibu Riskati kaliyan putrane sedih atine.
Tiyang jaler asma Damar Wulan taksih nengga eyang gurunipun. Piyambake kepingin nyuwun pirsa babagan sinten tiyang sepuhipun. Eyang gurune mangsuli menawi ibune cetha Palupi,menawi ramane taksih keturunan kepatihan prajan Majapahit. Tiyang sepuhipun tapa lan ngantos samenika boten wonten kabar. Damar Wulan kepingin ngabdi perangane gesang wonten Prajan Majapahit. Welinge eyang gurunipun padosa padamelan wonten dalem kepatihan kemawon. Damar Wulan langsung budhal dhateng Prajan Majapahit,piyambake murugi Patih Lugender ingkang kala semanten taksih sesrawungan kaliyan putrine, Anjasmara. Patih Lugender pungkasan mangertosi yen Damar Wulan punika ponakane piyambak lan ancasipun mriku kepingin pados padamelan wonten dalem Kepatihan. Damar Wulan dipunparingi pagaweyan ngawasi sinten kemawon ingkang badhe mlebet dalem kepatihan kedhah gadhah lan nuduhaken tapak asmane Patih Lugender. Anjasmara celathu menawi kangmase sakloron Layang Seta lan Kumitir boten gadhah tapask asmane ramane. Sakloron bakalan angel yen mlebet dalem kepatihan merga wonten Damar Wulan ing mrika.Banjur Patih Lugender nyusuli Damar Wulan.
Damar wulan kagolong tiyang ingkang gadhah prinsip kuat. Nalika patih Lugender maringi pitakonan kena apa kok Layang Seta lan Kumitir putranipun Patih Lugender boten angsal lumebet,Damar wulan mangsuli yen piyambake boten mbedani sinten kemawon,sedaya dipunsuwuni tapak asmane patih Lugender minangka syarat supados saged mlebet dalem kepatihan. Patih Lugender lan putrane sakloron boten nrima tumindhaking Damar wulan. Banjur Damar wulan dicabut saking pagaweyane lan digantos dados pekathik tukang ngingoni jaran. Anjasmara putranipun patih Lugender ingkang estri boten nrima Damar wulan digantos pagaweyane,merga piyambake tuwuh tresna kaliyan Damar Wulan. Sawijining dinten Anjasmara murugi Damar wulan ingkang taksih ngingoni jaran,layang Seta lan Kumitir mirsani kedadeyan punika,lajeng Damar wulan difitnah sampun ngrayu Anjasmara. Damar Wulan banjur dikunjara.
Sri sobasita Kencana wungu angsal wangsit saking kahyangan. Isinipun namung bocah saking gunung asma Damar sasongko utawa Damar wulan  ingkang saged ngrampungi Minak Jinggo lan maringi ketrentreman prajan Majapahit. Kencana wungu nyuwun patih Lugender mbetakaken Damar wulan supados ngadep panjenengane. Sesampunipun Damar wulan sowan dhateng Sri Sobasiti Kencana wungu,piyambake dipunparingi layang ingkang isinipun jejibahan kangge Damar wulan supados enggal nglawan adipati Minak Jinggo wonten ing kadipaten Blambangan. Damar wulan nyaguhi jejibahan punika. Layang Seta kaliyan Kumitir ajrih mbok menawi Damar wulan saged mejahi adipati Minak Jinggo,piyambake bakal angsal ganjaran saking Sri sobasiti Kencana wungu. Banjur Patih Lugender maringi putrane siasat kangge ngalangi lampahipun Damar wulan.
Satekaning Damar wulan wonten taman Puralingga panggenanipun adipati Minak Jinggo,piyambake pinanggih garwane Minak Jinggo Waita kaliyan Buyengan. Lorone kepingin medhal saking taman Puralingga. Damar wulan saged biyantu Waita lan Buyengan medhal saking panggonan punika,ananging sakloron ugi kedah biyantu Damar wulan mundhut pusakaning Minak Jinggo Pedang Kuntasukayan lan gadha Wesi kuning. Kasile pusaka punika saged dipuncepeng Damar wulan. Pusaka punika kangge tandhing nglawan Minak Jinggo. Damar wulan saged mejahi Minak Jinggo lan kundur wonten prajan Majapahit saperlu sowan Kencana wungu. Ing dalan Damar wulan kepethuk Layang Seta kaliyan Kumitir,lorone kepingin betakaken pusakane Minak Jinggo ingkang badhe dipunlaporaken dening Kencana wungu kangge bukti pejahipun Minak jinggo. Bareng pusakane dipunparingaken,Damar wulan dipunjegal lan didamel semaput. Layang Seta lan Kumitir banjur tindhak murugi Kencana wungu saperlu negesi menawi piyambakipun ingkang sampun saged mejahi Minak Jinggo. Kencana wungu sampun janji sinten kemawon ingkang saged mbrantas adipaten Blambangan Minak Jinggo, bakal angsal ganjaran dados rajaning prajan Majapahit. Nalika Layang Seta badhe jumeneng dados Raja,dumadakan Anjasmara mlebet lan paring pitutur bilih ingkang sampun mejahi Minak jinggo inggih punika Damar wulan. Patih Lugender kaget lan nyuwun buktine. Lajeng Damar wulan rawuh beberengan kaliyan Waita tuwin Buyengan ingkang badhe paring peseksen ngenani kepripun pejahipun Minak jinggo.
Peseksene Waita lan Buyengan damel Kencana wungu pitados, sinten ingkang sampun saged mbrantas lan mejahi adipaten Blambangan Minak Jinggo inggih punika Damar Wulan. Wasana kanthi jasaning Damar wulan,panjenengane dipunjumenengaken dados narendra ing prajan Majapahit kanthi sesebutan Prabu Brawijaya Pamungkas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar