PESONA
SMA NANA
Sekolah
Menengah Atas utawa SMA. Sasi iki sasi pungkasan mlebu sekolah SMP lan awal
kanggo mlebu SMA. Apa sajake sing mbedani
SMP lan SMA. Kanggo Nana, dheweke wis bisa ngrampungi kabeh ujian kanggo
nyandhang status kelulusan rasane wis ayem banget. Bisa ngira rasane
ketar-ketir ngenteni pengumuman ujian, lulus ora lulus ora. Amarga saiki Nana
wis njahit seragam putih abu-abu, bisa digagas dheweke lulus. Kasile nglakoni
MOS, Nana bisa nambah kanca lan nambah pengetahauan. Senin Ngesuk Nana wis
entuk pelajaran, rasane deg-degan.
“Hm...minggu wingi wayah semene kowe isih tak kepang
rambute. Kepang pira wingi ?“
“Dina MOS kapisan kepang 15, kapindho kepang 16, katelu
kepang 17, Bu.”
“Oh ya.”
“Mau esuk Bu Linda ngendikan apa Bu?”
“Oh...iku takon kowe sidane mlebu SMA ngendi. Jarene kowe
pinter banget bisa mlebu sekolah kuwi. Ibu batin pinter apa beja ya…”
“Kadose beja Bu.”
“Kowe apa wis sida njupuk jahitan seragam anyarmu, nduk
?”
“Mangke sonten Bu.”
Jam setengah pitu esuk, Nana wis rampung sarapan banjur
ngenteni ibune menehi sangu. Jaman SMP Nana disanguni 5000, merga wis SMA
sangune mundhak 2000 dadi 7000. Jam 06.45 Nana wis ning pinggir dalan nyegat
angkot. Angkote pating sliweran nanging kebak-kebak. Jam 07.00, Nana ya durung
mangkat. Ibune clingak-clinguk mandengi anake sing durung mangkat sekolah.
Bareng ngenteni 2 menitan ana angkot sing gelem mandheg lan nggawa Nana tekan
sekolah. Nembe wae Nana mudhun saka angkot, bel tandha wis mlebu muni. Pelajaran
pertama dina pertama dadi murid SMA dikarepake Nana dadi dina sing nyenengake.
Kancane Nana ning SMA rata-rata uga saka SMP sing padha
karo Nana, dadi kekancanane sansaya raket. Ora wadon ora sing lanang raket
banget. Kelas X iki Nana sebangku karo bocah Solo, jenenge Marina. Marina adoh
saka wong tuwane lan saiki melu budhene. Marina bocahe ayu lan luwes. Bocah
lanang mesthi seneng yen mandheng Marina. Saben dina neng sekolahan menyang
ngendi wae Nana karo Marina mesthi bareng. Taun pertama ning SMA iki, Nana melu
ekstrakulikuler PMR utawa Palang Merah Remaja. Azizah lan Fikar kancane saka
SMP uga melu PMR. Awal-awal mangkat PMR rasane pancen aras-arasen. Lomba PMR
siji blaka siji dipeloni Nana. Sansaya suwi rasane pingin sinau bab PMR. Nana
saben dina baline saka sekolah nganti sore-sore, kadhang uga wayah bengi kudu
mangkat maneh. Bapake Nana sing ora ngerti bab sekolahan nakoni wae neng apa
anake bali nganti sore.
“Wayah semene tembe bali sekolah. Ana acara apa ?”
“Latihan kangge lomba PMR, Pak.”
“Apa latihane saben dina ?”
“Nggih Pak.”
Wong tuwane Nana ngarep yen prestasi akademike uga aja
nganti elek. Nana usaha kanggo nyeimbangke loro-lorone. Kasile semester 1 lan 2
kelas X, Nana bisa mlebu sepuluh besar. Bijine uga ora ngisin-isini. Ibu lan
Bapake bungah nonton rapote anake. Unggah-unggahan kelas XI penjurusan IPA, IPS
apa BAHASA. BAHASA jelas ora bakal dijupuk Nana. Saiki milih IPA utawa IPS. IPA
kendalane ana ning fisika, IPS angel ning apalane. Pungkasan jurusan sing dijupuk yaiku IPA.
Lillahita’ala.
Namane bocah-bocah sing mlebu jurusan IPA, IPS lan BAHASA
ditempel ning papan pengumuman sekolah. Sawise nonton pengumuman, bocah-bocah
padha mlayu mlebu menjero menyang ruang kelase. Nana mlebu kelas XI IPA 2, ning
kelas kuwi akeh bocah sing mbiyene SMP bareng karo Nana. Ana Azizah, Fikar, lan
liya-liyane. Tambah seneng rasane bisa sekelas, merga wektu kelas X ora bareng.
Yen Marina mlebu jurusan IPS, ning kelas XI IPS 1.
PMR utawa Palang Merah Remaja taun keloro angkatane Nana
iki, ana pemilihan ketua anyar. Ketuane dipilih kanthi usulan para senior lan
disarujuki kabeh anggota. Nana kadhapuk dadi calon ketua, wakil ketuane Hasan
bocah BAHASA dene Azizah dadi calon sekretaris lan Fikar dadi pembantu
umum. Azizah krasa ora pantes lan durung
sreg yen dadi ketua. Apa ya bisa dheweke mandhegani kanca-kancane lan nggawa
nama organisasine kang uga bakal nggawa nama sekolahe.
“Kowe saguh kan dadi ketua PMR angkatan iki?”
Pitakonan
salah sawijine senior nggawe awake Nana gemeteran, kringet kemucur lan sesek
ambegane. Kabeh wong musat karo dheweke, ngenteni apa wangsulane Nana.
Sakdurunge mangsuli Nana mandhengi Azizah, Fikar, lan Hasan sing wis kaya
kulawargane dhewe ning PMR. Tetelune wenehi isyarat Nana kudu mangsuli “Ya”.
“Aku
pancen seneng karo PMR mas…mbak…kanca-kanca…, PMR dadi salah sawijining
tujuanku budhal sekolah. UKS iki, senadyan ya kaya ngene iki kahanane bisa dadi
omah keloro kanggo aku.”
“Banjur
kepriye mau pitakonane aku?”
“Sanadyan
aku dadi ketua, PMR lan UKS tetep sing nduwe ya bocah-bocah PMR. Ayo bebarengan
gotong apa sing kudu digotong lan bisa digotong selagi dhewe isih ning kene.”
Keprokan
saka bocah-bocah nggawe bingunge Nana, jan-jane apa sing dikeproki, nembe apa
sing diomongake.
“Yen
saiki kabeh nyeluk kowe Nana ketua PMR, gelem ta ?”
“Hm…ya
!”
Sabubare
wangsulan ketua PMR mau, Nana tambah kerep ning UKS. Yen jam kosong, yen dina
libur sekolah, lan yen mbolos sekolah ya lungane menyang UKS. Kekancanane karo
Azizah, Fikar, lan Hasan sansaya raket. Suwalike karo Marina sing maune bareng
kelas sepeluhe, malah dadi rada adoh.
Akeh
kegiatan sing dilakoni Nana , Azizah, lan Fikar bebarengan. Nana malah krasa
yen dheweke saben dina kudu weruh Fikar. Aduh…apa iki bakal tuwuh rasa tresna. Tujuane
Nana mangkat sekolah tambah siji, yaiku ketemu Fikar. Seneng-senenge Nana
kasmaran marang Fikar, malah banter-bantere gosip Marina karo Fikar. Ditambah
Marina nyedhaki Nana, apa wae ngenani Fikar Marina ceritakake karo Nana. Apa
dumeh Nana kanca cedhake dadi kudu diomongake marang dheweke. Kaya kesamber
bledeg rasane ngerti warta kuwi. Nana wis mulai rada ngadohi Fikar, amarga
Fikar ya wis kerep bareng karo Marina. Ana saperangan wong PMR yen nyangkane
Fikar senenge karo Nana, tapi ko malah gosipe karo Marina. Nana ora bisa ning
UKS saben dina yen ning kana ana Fikar ya ana Marina. Sanadyan durung jadian
nanging Nana ora bisa weruh wong sing disenengi lan kancane dhewe ana ning
ngarepe saben dinane.
Unggah-unggahan
kelas XII, padha studytour ning Bali. Nana lan Azizah ora melu mangkat mrana.
Azizah ora saguh kahanan fisike, dene Nana pancen ora nduwe duet kanggo mbayar.
Fikar lan Marina jelas melu kabeh lorone.
Dina
kapisan sekolah saka baline bocah-bocah padha studytour, Nana kaya-kaya arep
kelangan nyawane. Marina crita yen dheweke ditembak Fikar ning Bali. Jare romantis banget. Nana ora wani takon apa wangsulane Marina. Nana mesem,
ngucapake selamat, lan enggal lunga. Pingin nangis rasane lan pingin cepet
enggal lulus. Nana wis bener-bener ora nduwe semangat, nanging dheweke kudu
nglalekake Fikar merga wis arep ujian.
Ora
dumeh Nana ora bisa nduweni Fikar, kekancanane dadi bubar. Nana tetep nganggep
fikar kancane lan seneng yen Fikar lan kancane dhewe Marina bisa langgeng. Ora
dikira pepacangane Fikar lan Marina namung sedela, sawetara telung sasi. Krungu
bocah loro kuwi putus Nana rada bungah sithik. Bungahe ora merga wis ora karo
Marina. Nanging Nana bisa bebas arep mandhengi Fikar kapan wae lan ning ngendi
wae jalaran Fikar single.
Saksekolah
geger merga ana warta yen Marina jadian karo Gigih. Gigih kuwi bocah kelas XII
IPS 3 sing mitirut Nana dudu tipe cowoke Marina. Nana tambah kaget setengah
mati nalika krungu yen Marina putus karo Fikar merga durung entuk pepacangan
dhisik. Nanging keneng apa iki malah jadian karo Gigih. Nana krasa yen Fikar
bener-bener lara atine, Nana bisa ngrasani kuwi, Nana dadi ngedohi Marina lan
rada kuciwa marang apa sing wis dilakoni Marina marang Fikar.
Kabeh
kedadean kaya-kaya wis kesapu dening wektu. Dina-dina ngadepi ujian dadi
tambane ati. Nana sedih banget ninggalake bangku SMA, ora pingin adoh saka
Fikar. Apa daya Gusti uga paring dalan dhewe-dhewe. Nana daftar kuliah ning
Semarang, dene Fikar daftar ning Bogor. Kareben tresna mau disimpen dening Nana
ning jero atine, kapan Fikar bakal reti rasa kuwi mau ora dadi pangarepe Nana.
Fikar ngisi uripe Nana nalika isih ana SMA. Yen jodho ya ketemu yen ora jodho
ya ora ketemu.
Jangkah
lakune sikil sansaya ora karuan ninggalake sekolahan kuwi. Luh dlewer saka
pipine Nana, dibarengi tembang saka band Indonesia sing judule “Semua Tentang
Kita”. Akeh pengalaman saka SMA sing bakal digawa Nana menyang bangku kuliahan,
lan kanggo urip sateruse…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar