D. Menulis
(Nulis Nganggo Aksara
Jawa)
Tulisen tembung-tembung
ing ngisor iki nganggo aksara Jawa !
1.
Cacahe 10
2.
Lemah
3.
Reged
4.
Kreta
5.
Kteteg
6.
Pranata
7.
Pitutur
8.
Pahargyan
9.
tanggal 21 Juni
10. Kembang goyang
Tulisen ukara-ukara ing
ngisor iki nganngo aksara Jawa !
1. Ibu nembe sare.
2. Aku lunga menyang daleme
simbahku ing Pekalongan.
3. Wingi tanggal 9 Maret aku
ketemu kanca lawasku.
4. Aku durung tahu lunga
menyang kutha Bandung.
5. Taun 2014 ing Semarang ana
Dugderan gedhe.
Tulisen wacan ing ngisor
iki nganngo aksara Jawa !
Wong Desa lan Anak Anake
Lanang
Ana sawijining wong
desa, banget susahe ing ati, dene anak anake lanang padha congkrah, amarga
saking gegethingan sarta padu, ora ana dina kaliwat tanpa padu, sakehing
wuwulanging bapa ora migunani. Anuju sawijining dina, anake lanang tetelu
diundang, bareng wus padha teka, bapakne celathu : engger, iki aku duwe ginawe
nondha karosanmu, lagi pamataraku kowe padha rosa rosa, enya iki sada
sabengkek, mara, sapa sing kelar nugel, dak ganjar jaran siji. Anak anake nuli
genti genti ngarah nugel bengkekan sada, kalandhes sakehing dhengkul, angetog
karosane, ananging telung pisan ora nguwisi, sadane siji ora ana kang coklek.
Bapakne celathu maneh : aku wus ngira yen ora bisa tugel, mara, saiki
bengkekane dak uculi, amasthi gampang ko purih cokleke. Anak anake anuli di
ulungi sada ing sawatara, bareng di cokleki gampang bae. Bapakne celathu :
satemene engger, sada iku upamane awakmu, yen kowe kukuh rukun karo sadulurmu,
ambasthi ora gampang tumiba ing tiwas, dene yen kowe congkrah, ora wurung nemu
bilahi.
Kapethik saka : Vertaling Van Een, Vijftigtal Fabelen.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar