D. Menulis
(Nulis
Ringkesan Wacan Bab Budaya Jawa)
Ringkesan yaiku cekakan utawa wawasan
sing cekak. Ringkesan wacan yaiku cekakan saka wacan. Carane ngringkes wacan
yaiku maca kanthi setiti, banjur njupuk bakune wacan. Bakune wacan iku katulis
kanthi ukara lan basa kang padhet. Wacanen wacana bab kabudayan iki, banjur gawea ringkesane kanthi gamblang lan ringkes !
Maneka Warna Upacara Mligi Bab Upacara Ningkah Cara Jawa
Ing bab ningkah cara Jawa, ana sawetara pakulinan
mligi kang katindakake, gayut karo kang diningkahake. Dheweke iku statuse ana
ing kulawarga kepriye. Upamane: randha apa dhudha, anak barep apa wuragil,
nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi kang sok-sok ditindakake upamane:
Upacara Bubak Kawak
Upacara bubak kawak iki katindakake nalika ijabe anak
barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing kene bapakne manten putri
ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri menehi rujak marang bojone lan
banjur diombe, tumuli nakoni: “Apa rujake kurang enak?” Diwangsuli: “ Rasane
enak lan seger!” Rujak mau banjur diwenehake marang kang wadon maneh, supaya
melu ngicipi. Sawuse ngrasakake nuli kandha: “ Pancen nyata rujak degan iki enak
lan seger”. Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya padha
ngicipi.
Upacara Tigas
Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing akad
nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara Panggih.
Upacara Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake manawa calon
manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang kakangne kang durung
ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang
kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni.
Jalaran upacara iki asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening
kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake ing sangareping senthong utawa kamar
tengah, nanging samengko iki katindakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne utawa
bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing papan
kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene:
1. Calon manten ngadhep kakang utawa mbakyune kanthi
lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “Kangmas utawa
mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu,
mugi-mugi lampah kula kekalih samangke dumugi papan kang kula sedya lan
manggih seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, Amin.”
2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten
sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes
temenan. Kangmase utawa bakyune nampa sarana numpangake tangane ana ing
pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa
tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin lan palilah lumakua dhisik,
slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok tuju. Muga-muga Gusti Kang
Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure lan aku enggal nututi. Amin.”
Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur masrahake sanggan kang
wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe sarta tali asih utawa tandha
mata, bisa wujud apa wae.
Upacara Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe ditindakake nalika
wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi ing upacara tumplak
punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli diiseni: dhuwit
receh utawa logam, empon-empon, beras kuning, lan kembang sritaman. Ngenani
akehe dijumbuhake karo kekuwatane. Kabeh kanthongan cilik-cilik mau
dicemplungake bokor kang uga isine padha karo kanthongan cilik-cilik mau.
Sabanjure kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening ibune manten
maranng anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi
manten. Turahane diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing
bokor siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara
tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise sawise
upacara kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung
dipethuk.
Upacara Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki katindakake wektu ijab
antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut sarasilah manten
wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu di dhisiki nganggo
sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg nrajang benang lawe.
Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.
Suwalike menawa manut salasilah, manten kakung luwih
tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu macul tumpeng,
ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku ditindakake upacara
panggih.
Upacara Nyiram Bugel
Nalika sajroning nindakake akad nikah mantene wadon
wis randha, nanging durung duwe anak ( randha kembang) sarat kang kudu dilakoni
yaiku manten kakung nyiram bugel, yaiku kayu kang wis diobong kanggo olah-olah
lan isih mengangah ( ana genine). Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang,
sadurunge upacara panggih. Suwalike Manawa kang nindakake ijab antarane prawan
karo dhudha durung anak-anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana
ngarep lawang sadurunge upacara panggih.
Prasetyono, Dwi Sunar. 2003. Tata Cara Paes lan
Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta. Yogyakarta: Absolut
Tidak ada komentar:
Posting Komentar