Selasa, 24 Juni 2014

Materi Berbicara Kelas X Semester 1 (Piwulang 2)


B. Berbicara
(Nyritakake Pengalaman)

            Pengalaman yaiku samubarang kang wis dilakoni utawa dialami. Kabeh wong urip temtune duwe pengalaman. Crita pengalaman bisa kanggo maspadakake awake dhewe supaya ora ngalami kadadean kang ora apik kaya ing critane iku.
Siswa mesthi duwe crita pangalaman sing lucu. critakna ing ngarep kelas nganggo basa krama, nanging sadurunge ayo padha ndaftar apa wae crita pengalaman sing pernah dilakoni lan gawe cengkorongan crita pengalaman pribadi sing dipilih kanggo nggampangake anggone crita ing ngarep kelas.

            Pengalamanku yaiku….
No.
Pokok crita pengalaman
Jenis crita pengalaman
1.
Kelangan dhuwit satus ewu (tuladha)
Sedhih
2.
Dolan menyang kraton Sala (tuladha)
Seneng
3.
Ketemu wong mirip semar (tuladha)
Lucu
4.
…..

5.


6.


7.



Daftar crita pengalaman pribadi sing wis digawe para siswa ing dhuwur mesthi wae critane ora gampang dilalekake. Saka daftar iku uga mesthi ana siji sing paling disenengi, sing paling angel dilalekake utawa sing paling njengkelake. Siji crita pengalaman pribadi sing dipilih, para siswa nemtokake apa irah-irahan sing trep, alesane milih crita, lan pokoke crita pengalaman pribadine. Rinciane gawe cengkorongan yaiku kaya ing ngisor iki.
Irah-irahan                              :
Alesan milih crita kuwi             :
Pokok-pokok crita                  :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar