Jumat, 27 Juni 2014

Cerkakku 6


BAPAK IBUKU…
LOMBOK BRAMBANGKU…

Sega goreng komplit, ana sosise, daging, suwiran ayam goreng, endog, timun, krupuk, lan…jus jambu !
Dina iki aku sadar yen aku bisa mangan apa wae sing enak-enak…awale aku retine yen sing masak mesthi ibu, nanging…bapakku luwih jago masak tinimbang ibuku.
Kahanan iki dingerteni ibuku nalika isih pacaran, saben kencan mesthi bapakku nggawa jajan utawa masakane dhewe, malah pernah arep putus amarga masakan, keneng apa masakane bapakku luwih enak saka masakane ibuku. Ibuku ora nrima kahanan iki.
Sawise nikah, kahanan iki malah dadi sebab romantise hubungan bapak lan ibu. Yen bapak libur, bapak mesthi masak. Nanging merga kerjane ibu sing luwih enteng, ibu sing kerep masak. Saiki masakane ibu sansaya enak, amarga ditraining bolan-bolen karo bapak, ora jarang bapak lan ibu uga kerep masak bebarengan ning dapur.
Aku kelingan sedina sadurunge taun baru, bapak kepingin masak puding coklat lan es teller kanggo njamu tamu ngesuk,  nanging ibu ora sarujuk, ibu kepingin masak sega kuning lengkap kaya kanggo syukuran, amarga taun baru nyukuri awake dhewe bisa urip nganti ganti taun anyar. Pungkasane padha masak dhewe-dhewe, malah padha totoan, masakane sapa sing bakal entuk pujiane wong tuwa lan maratuwane dhewe.
Bapak lan ibu mesthi ora bakal lali kepriye mbiyen simbah padha paring panemu saka masakane ibu lan bapak. Yen aku ngemut-emut mesthi ngguyu dhewe, apa maneh ibu lan bapak.
“Naela…”
ups…ibu ngundang aku…wayah sore semene wayahe aku ngancani senam ibu.
“Ayo menyang pasar…mengko bengi wong kecamatan arep padha mrene, arep rapat dadakan ning kene…”
Tumben-tumbene aku ora dikon ngancani senam, nanging malah dikon menyang pasar. Aku ora pinter masak kaya ibu lan bapakku. Malah aku pinter pencak silat…jare simbahku aku bisa nglindungi bapak lan ibuku nalika aku wis gedhe. Lubar magriban, para tamu saka kecamatan wis padha teka. Sawise rapat padha mangan jamuane.
“Bu Yuni…kepriye ta anggonmu pinter masak? Iki dadar gulung kepriye carane nggawe?”
“Wah aku seneng yen nduwe bojo sing pinter masak bu…”
“Hm…panjenengan kabeh durung ngerti kepriye pak Budi bojone bu Yuni yen masak…masakane luwih enak banget saka masakane bu Yuni…bu Yuni malah sinau masak saka pak Budi….ya kan bu?”
Ibuku saben pakumpulan mesthi wae entuk pitakonan kaya mengkene. Nanging pitakonan sing pungkasan jarang, merga sing takon tanggane dhewe, sing biasa saben dina weruh lan krungu uripe kulawargaku. Nanggepi pitakonan-pitakonan mau, ibuku mesthi mangsuli kanthi ngalihake omongan karo mesem getir.
Sawise para tamu padha mulih, ibuku sing biasane ngresike kabeh perabote, saiki ngongkon mbak Kum ngresiki. Jam sepuluh kurang bapak bali saka kantor, baline bengi merga nglembur. Keprungu saka kamarku, bapak lagi ngguyu ngakak-ngakak. Ibu sing lagi kesel uga melu ngguyu. Gumuyune ora keprungu maneh nalika aku wis ngantuk keturon ora krungu apa-apa.
“Melu lomba masak? Aku ora sarujuk. “
Bapak arep melu lomba masak nasional seminggu maneh. Nanging ibu ora sarujuk. Pisan pindho mbujuk ora pernah digubris. Sawise kerja meneng-meneng bapak uga nyiapake resep-resep lan piranti apa sing kudu disiapake kanggo lomba. Ibu sing ngerti langsung nguri-uri.
“Mas…njenengan tenanan arep melu lomba masak kuwi?”
“Lha keneng apa ta bu? Yen aku menang uga ibu lan Naela melu seneng, melu ngrasakake hadiahe…”
“Ora masalah menang lan hadiah pak…njenengan kepingin nalika menang sadonya reti yen bojone bu Yuni pinter banget masak lan bu Yuni ora bisa masak ? kabeh wong bakal ngomong kaya mengkana kuwi !”
“Pancen saka mbiyen kowe iki ora pernah gelem kalah saka aku…ya wis karepe aku arep tetep melu lomba iki…”
Krungu omangane bojone sing mengkono kuwi, wengi iki bu Yuni turu ning kamare Naela. Naela wis telpun simbahe supaya ngesuk teka lan nengahi bapak lan ibune. Esuke ibu lan bapak kaget keneng apa simbahe wis ning kene lan ora paring kabar dhisik.  
“Kowe apa wis padha lali, mbiyen wektu Naela lagi cilik, rayahan arep nyuguhake panganan kanggo aku lan mertuwamu? Apa pesene mbah kakung? Masakan enak kaya apa yen ora digawe bareng lan nganggo ati ora bakal disenengi wong…”
Naela nyengir dhewe weruh ekspresine bapak lan ibune. Sawise simbahe lunga, ibu lan bapak padha jagongan ning ruang tamu.
“Sawise tak pikir, aku sarujuk yen njenengan melu lomba masak mas…”
“Aku malah wis radha ora kepingin bu…yen dhewe bisa maju bareng, ya aku melu.”
Naela dumadakan ngenehake formulir lan pamflet.
“Lombane bisa grup bisa dhewenan pak…ayo daftar…pendaftarane ditutup dina iki.”
Bapak lan ibu padha semangat anggone maca pamflete, formulir diisi lan dikirim menyang panggonane lomba.
Lomba masak diwiwiti. Jam sanga esuk dina minggu aku, ibu, bapak lan simbah lunga menyang panggonan lomba. Aku njagong ning ngarep dhewe karo simbah. Ibu lan bapak siap-siap arep lomba. Sawise sejaman ngenteni giliran, ibu lan bapak munggah panggung, lawane katon pinter-pinter masak, nanging bapak lan ibu tetep sing paling apik. Pungkasan tiba pengumuman lomba, ora susah ditakoni bapak lan ibu mesthi dadi juarane…juara siji…ye ye ye…
Hadiah saka menang lomba yaiku liburan menyang puncak…simbah uga diajak. Naela seneng nduwe wong tuwa sing padha seneng masak. Kelingan welinge simbah kakung, masakane ibu lan bapak kuwi enak, nanging yen dimasak bebarengan…nganggo ati…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar