A. Menyimak
(Nrungokake
Crita Pengalaman)
Ngruokake crita
pegngalaman iku bisa dadi kegiyatan sing nyenengake. Saka crita pengalaman bisa
dipethik piwulang luhur lan bisa dadi panglipur. Kabeh wong urip temtune duwe
pengalaman. Pengalaman iku ana sing seneng lan ana sing susah, ana sing medeni
lan ana sing lucu. Dadi, pengalaman iku isine macem-macem sifate. Gatekna
tuladha pengalaman ing ngisor iki !
Salah Nggandheng
Saben wulan Mulud ing kraton Sala mesthi ana upacara
sekaten utawa grebeg. Ing wektu iku uga ana pasar malem sing isine tontonan,
wong bebakulan maneka warna sing njalari ramening kahanan, sing padha nonton
jejel riyel nganti suk-sukan. Nalika iku wanci sore, aku lan kancaku merlokake
nonton. Anggonku mlaku tansah gandhengan jalaran sumelang yen pisah, angel
anggone nggoleki. Saben anjungan dak leboni mung perlu nonton-nonton, bisa
nambah pengalaman. Metu saka anjungan ora lali tansah nggandheng kancaku.
Amarga saka ramening kahanan, aku ora nglegawa yen sing dakgandheng iku jebul
wong liya. Sing ndhadekake aku anyel campur isin, wong liya mau dakgandheng
mung meneng wae, sajake pancen njarag. Kancaku ngempet ngguyu ana mburiku. Wong
sing dakgandheng mau saben-saben dakajak omongan kok mung meneng wae ? Kancaku
sing ana mburiku ngguyu kemekelen. Aku kisinan, kancaku dakgoleki dene ora
gelem ngomong yen kleru nggandheng.
(Basaku Basamu Basa Jawa,
Pusakamas, kaca 22)
Pit-Pitan ing Dina Minggu
Dina Minggu
wingi, aku pit-pitan karo Narti lan Bayu. Aku budhal saka omah watara jam enem
esuk. Narti lan Bayu padha numpak pit gunung, dene aku numpak pit BMX.
Pit-pitan iku bisa diarani olahraga. Malah bisa kanggo ngganti Senam Kesegaran
Jasmani. Loro-lorone bisa kanggo njaga kuwarasane raga.
Pit BMX-ku dakonthel alon-alon. Lakune ora sepira banter.
Sedhela-sedhela aku, Narti, lan Bayu nyekakak ngguyu. Nurut dalan, aku sakanca
pada crita sing lucu-lucu. Sunare srengenge wis krasa anget. Ing dalan wiwit
akeh wong padha pit-pitan. Saliyane kuwi ana kang padha mlayu esuk, lan ana uga
kang mlaku-mlaku. Atiku seneng banget bisa bebarengan rame-rame olahraga. Aku,
Narti, lan Bayu terus nggenjot pit alon-alon. Ora krasa jebul wis adoh,
kira-kira 5 km. Narti banjur ngajak leren dhisik. Karo lungguhan aku age-age
ngombe. Kebeneran aku ngggawa banyu putih saka omah. Sawise ngombe, awak dadi
seger. Rasa ngelak ilang sanallika. Aku lan kanca banjur muter pit saperlu bali
menyang omah. Nanging bocah telu padha lali dalane. Narti lan Bayu bingung. Aku
ora kelangan akal. Aku nyedhaki omah sing ana tulisane Ketua RT. Aku banjur
njaluk tulung supaya dituduhake dalane. Sajake aku isin, apa tumon ing desane
dhewe ora ngerti dalane. Pungkasane aku, Narti, lan Bayu nggenjot pit nuruti
dalan sing dituduhake Pak RT.
(Remen Basa Jawa,
Erlangga, kaca 4)
Wenehana panemu utawa pendapatmu
tumprap isine wacan kang wis diwacakake magepokan karo basa lan isine !
Tidak ada komentar:
Posting Komentar