C. Membaca
(Maca Wacan
Bab Budaya Jawa)
Teknik
maca iku maneka warna. Ana maca cepet, maca lesan, lan maca setiti kanggo
ngerteni isine. Ing piwulangan iki, para siswa diajak bisa maca kanthi setiti
lan ngerteni isine wacan.
Wacan iki wacanen sing setiti !
UPACARA
TINGKEBAN
Upacara tingkeban ana ing masyarakat
Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake.
Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu
kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni
ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair
kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga
mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep
diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon
ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune.
Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa
dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara siraman,
calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu,
bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang bisa
dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang
diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu
kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang
urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan
riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana
adicara nigas janur kuning.
Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise
nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas
muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna
loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi
gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku
brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra
kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing
upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora
mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka
simbol kanggo nggayuh kabecikan.
(Kabesut saking: Sempulur No.
07/ 11/ 2003/ Heni TH)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar